Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
15 dari 55
55–56 dari 257
547–556 dari 2.562
15.018 langkung èmêng wau sang dipati | di-/ pun galih ingkang pra dipatya [78] [78] | angajak nungkul bêcike | rina sajroning kalbu | jêng pangêran rumasa isin | mangkya sangsaya lama | kang wadya kêh kuru | wong Surabaya kèmêngan | sakathahe wadya ingkang ngajak jurit | sami nungkul sadaya ||
15.019 marang kangjêng prabu narapati | dadya Pangêran ing Surabaya | kagegeran ing manahe | anungkul karsanipun | anuruti kang para mantri | lah sira putraningwang | sebaa karuhun | lah ingsun nora tumindak | putranipun Mas Pêkik sun karya wakil | ngirida mantriningwang ||
15.020 sakathahe ingkang para mantri | dhatêng Pangran Surapringga ika | pangraos kawula anggèr | putra tuwan pukulun | kados botên mungkasi kardi | yên suwawi ing karsa | lêrês tuwan iku | tumindak kakang prayoga | apanggiha lan putra tuwan Matawis | suka mantri sadaya ||
15.021 Jêng Pangeran Surabaya angling | ingsun warah kabèh karsaningwang | nanging ingsun durung sae | têmua sang aprabu | amung putraningsun pribadi | Mas Pêkik lumakua | dadi wakil ingsung | ngong pasrahakên Hyang Suksma | lara pati ngong srahakên ing Hyang Widi | măngsa bodhoa dhalang ||
15.022 lah ta sira kang sun kon ngêtut wuri |[1] ngatêrêna marang putraningwang | ingkang dadi saratine | anggawaa wong sèwu | kang sakèhe para dipati | gawaa [[79] 79] rajabrana | iki layar ingsun | aturêna mring utusan | ingkang baris anèng ing têrusan nguni | Mangunonêng kang nama ||
15.023 sigra mangkat wau sang dipati | pan ingiring mantri Surabaya | prasamya munggèng wurine | rajabrana pinikul | pan akatah rajabrana di | pan kinarya pratăndha | ing panungkulipun | sapraptanira paseban | pêpak andhèr wadyabala ing Matawis | ebat wong Surabaya ||
15.024 Kyai Dêmang Urawan dhingini | bêkta surat wau nulya prapta | anjujug pondhokan gêdhe | Mangunonêng gya mêtu | Ki Urawan dipun panggihi | wus tinampan kang surat | wus sinukmèng kalbu | ungêle ingkang nawala | tuhu nungkul Pangran Surapringga nangkil | putranipun kewala ||
15.025 Mangunonêng suka dènira ngling | iki bênêr karsaning dipatya | pan angeman nagarane | nanging kuciwanipun | dene wangkil putranira di | Mangunonêng gya ngucap | paran ta ing rêmbug | para mantri aturira | măngsaborong Mangunonêng ngandika ris | gêgaman nulya budhal ||
15.026 Kyai Dêmang Urawan gya mulih | sigra matur marang radèn putra | pan wus katrima lakune | Mangunonêng winuwus | gya putusan marang Matawis | angaturi uninga | Surabaya nungkul | ing dalu datan kocapa | enjang budhal sakèhing wadya Matawis | miwah wong Surabaya ||
15.027 kawarnaa lampahirèng [[80] 80: lampah...irèng] margi | inggih sampun prapta Pranaraga | prasami arêrêb kabèh | kawarnaa ing ênu | Mangunonêng lan ki ngabèi | Ki Tawêngan samana | mapan sampun rêmbug | Yudaprana alon mojar | kadipundi Pangeran ing Surawèsthi | têka botên lumampah ||
55–56 dari 257

 


Kurang satu suku kata: lah ta sira kang sun kon tut wuri. (kembali)