Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
15 dari 55
56–57 dari 257
557–566 dari 2.562
15.028 datan eca raose ing galih | bokmanawi manahe tan lamba | kinarya bujuk putrane | Mangunonêng amuwus | gih makatên rêmbug puniki | suwawi ingutusan | lamun sida nungkul | anulya aglis nusula | Mangunonêng utusan mantri kêkalih | mring nagri Surabaya ||
15.029 Radèn Pêkik binêktanan mantri | Ki Urawan kinèn umatura | dèn asangêt mring ramane | ingutus wus alaju | tan winarna pan sampun prapti | tumamèng jroning pura | Urawan umatur | sampeyan gusti ngaturan | dhatêng putra paduka dhatêng Matawis | panggih lan Kanjêng Sultan ||
15.030 jêng pangeran agupuh nulya glis | nulya dadan[1] angambili kuda | sarwi nutuh salirane | angraos lêpatipun | yèn nganggoa rêmbaging mantri | kaya lamun mangkana | manahe anglalu | manawa ta Kanjêng Sultan | darbe adil paramarta marang mami | cupêt balilon ingwang ||
15.031 sigra budhal wau Sang Dipati | Surabaya miwah Tambakbaya | binakta seba ngarsane | Jagarana tan kantun | Adipati Pajang tan kari | mring Pangran Surabaya | lampah lêlastantun | dèn anti mring Pranaraga | Adipati [[81] 81: Adi...pati] ing Surapringga wus prapti | nagara Pranaraga ||
15.032 nuju sineba kang para mantri | Mangunonêng lan Ki Katawêngan | Yudaprana sakancane | rêrêp anèng ing ngriku | pan anganti karsa sang aji | samana sampun prapta | utusan sang prabu | amundhi ngandika nata | punang duta lan Mangunonêng wus panggih | pangran sigra utusan ||
15.033 Pangran Surabaya sigra prapti | gya wong gandhèk Mataram asigra | dhawuhakên timbalane | andika kinèn wangsul | lawan putra tumuta bali | mring nagri Surabaya | karsane sang prabu | mung Ki Arya Tambakbaya | kang pinundhut binaktaa mring Matawis | lawan Tumênggung Pajang ||
15.034 lan sakèhing sagung para mantri | Surabaya pinundhut sadaya | kinèn lajênga samangke | putra dika sang prabu | apan arsa wau udani | mantri ing Surapringga | dipati tumungkul | datan kuwawa lênggana | ing karsane Sri Naranata Matawis | Surabaya katura ||
15.035 nadyan silih pati lawan urip | pan sumăngga katur sri narendra | datan kuwasa adarbe | sadaya mapan katur | pêjah gêsang tan andarbèni | Mangunonêng gya budhal | prapta ing Matarum | katur solahe sadaya | para mantri Surabaya apan nenggih | prasami ingandikan ||
15.036 răngga dêmang kalawan ngabèi | sri narendra alon angandika | hèh tumênggung sapajange [[82] 82] | sira sun karya sêpuh | babundhêle wong Surawèsthi | ing mêngko namung sira | kapracayan ingsun | iya tumênggung sapajang | ingkang dadya têtindhihing para mantri | ana ing Surabaya ||
15.037 padha sira mulia dèn aglis | ywa kalawan paman Pranaraga | padha ampirana bae | padha gawanên mantuk | mring nagara lawan si adhi | umah ajaban kitha | aywa wèhi batur | kang kinèn tur sêmbah mentar | tan winarna praptè[2] Pranaraga mampir | pangeran wus binêkta ||
56–57 dari 257

 


dandan. (kembali)
praptèng. (kembali)