Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
15 dari 55
54 dari 257
531–540 dari 2.562
15.002 Pakacangan lan ing Arisbanggi | ing Sumênêp Madura Mêkasan | lêbur binoyongan kabèh | mung nagri Sampang wutuh | pan punika têluk kariyin | dènnya tur pêjah gêsang | ya ta wong Matarum | sami andudum boyongan | tan winarna pan arsa budhalan aglis | wong agung ing Mataram ||
15.003 Sang Dipati Sampang wus acawis | gya binêkta mring nagri Mataram | ambêkta wong sèwu kèhe | anuli budhal sampun | wadya Sampang marang Matawis | gumrah swaraning janma | adandan pêrau | sampun alayar sadaya | tan adangu lampahe prapta Garêsik | alaju lampahira ||
15.004 sakathahnya bupati pasisir | sami lajêng mring nagri Mataram | miwah măncanagarane | ya ta Pangeran [[75] 75: Pange...ran] Juru | ing Sumêdhang lan adipati | ing Pathi pirêmbagan | utusan rumuhun | wus katur sri naranata | panungkule Dipati Sampang lan malih | Balega Pakacangngan ||
15.005 gya sinêrot lampahe duta tri | sampun prapta nagri ing Mataram | katur sadaya solahe | wau ta sang aprabu | wis utusan mantri kêkalih | tan kawarna ing marga | dumrojog wus pangguh | gêgaman agêng samana | dyan kapêthuk dutane sri narapati | nulya sami saseban ||
15.006 ri saksana utusan Matawis | dhawuhakên timbalan sang nata | Adipati Balegane | kinèn nyuduki sampun | Adipati Balega mati | jisimbe wus pinêtak | nèng jurang jro iku | makame dadi kêramat | Sang Dipati ing Sampang wus dèn timbali | duk bêdhahe nagara ||
15.007 ubah ing patrap tataning jalmi | duk bêdhahe nagara Madura | sarta Balega patine | wau ta kang winuwus | balanira Prabu Matawis | wis prapta ing nagara | dhawuh sang aprabu | lagya miyos siniwaka | pêpak andhèr punggawa samya tinangkil | kang saking lurug prapta ||
15.008 Pangran Jurukithing wus kapanggih | lan kang wayah Sang Prabu Ngalaga | lan Dipati Bragolane | Pangran Sumêdhang wau | gêntos-gêntos dènnya ngabêkti | ngaturakên boyongan | katur mring sang prabu | trustha ing wardayanira | sri narendra rêsêp dènira ningali | marang Dipati Sampang ||
15.009 sru [[76] 76] ngandika wau sri bupati | hèh dipati ing Sampang ta sira | sun aku anak yêktine | Dipati Sampang nuwun | pan angrêpa sujud ing siti | sang prabu anggêganjar | marang wadyanipun | bupati lawan satriya | pan sadaya ginanjar sami waradin | miwah Dipati Sampang ||
15.010 busanane sami adi luwih | pan sinami lawan para putra | pinrênah padalêmane | pinutra-putra danu | pinaringan nagari katri | Madura ing Balega | Ngarisbaya wau | sri narendra adiningrat | ingkang saking Kajêragan ta ing nguni | wastane Gêniroga ||
15.011 apan mangke wus jinunjung linggih | pan kinarya patih jro samana | Endranata kêkasihe | sultan jêngkar ngadhatun | cinarita pan sampun lami | antara pitung căndra | Sang Prabu Matarum | miyos siniwakèng wadya | pêpak andhèr punggawa para prajurit | jibêk nèng panangkilan ||
54 dari 257