Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
15–16 dari 55
57–58 dari 257
566–575 dari 2.562
15.037 padha sira mulia dèn aglis | ywa kalawan paman Pranaraga | padha ampirana bae | padha gawanên mantuk | mring nagara lawan si adhi | umah ajaban kitha | aywa wèhi batur | kang kinèn tur sêmbah mentar | tan winarna praptè[1] Pranaraga mampir | pangeran wus binêkta ||
15.038 tan winarna ing marga wus prapti | Surabaya Tumênggung Sapajang | kang gêntèni kêkithane | pangeran ênggènipun | pêrampelan saanak rabi | ênêngna Surabaya | ucapên ta wau | Kangjêng Sultan ing Ngalaga | dina Soma sang nata miyos tinangkil | wadya jingga nonoman ||
16. Durma
16.001 pan wus pêpak sagung bala ingkang seba | magêrsari marapit | lêmbing tulup pêdhang | kalawan tumbak sulam | wong anutra amêrapit | wong priyataka | munggwing ngarsa tan têbih ||
16.002 saragêni ajajar ana ing ngarsa | banderanya marapit | warnanên kang seba | kaparak Jagabaya | Angkraknyana sisihnèki | kapilih ika | sisi samya kapilih ||
16.003 Udaraga asisih lawan niyaga | wong Nirbaya anangkil | lan wong Kartiyasa | sisih lan Wisamarta | wong Brajanala asisih | wong Brajayasa | sadaya samya nangkil [[83] 83: nang...kil] ||
16.004 Astranoga asisih wong Maondara | wong Judhipati sisih | lan wong Wijakăngka | samya nangkil sadaya | wong Margăngsa anèng wuri | wong Suranata | asisih lawan carik ||
16.005 Panêmbahan Purabaya anèng ngarsa | lawan kang rayi-rayi | ywa Pangeran Arya | Wiramênggala seba | lan Pangeran Singasari | lan Têpasana | myang Dêmang Tanpanangkil ||
16.006 lan Pangeran Juminah sampun aseba | Pangeran Mangkubumi | Pangran Puger sêba | Miwah Pangeran Sampang | Sadaya prasamya nangkil | para santana | Pangeran Sukawati ||
16.007 myang Pangeran Balitar samya aseba | miwah para dipati | Pangran Martasana | miwah Prawiratruna | Arya Pulangjiwa nangkil | arya Tanpolas | lan Rănggawirasari ||
16.008 Adipati Martalaya wus aseba | lawan Sang Adipati | Pamênang aseba | lan Pangran Pinggalaya | punika ingkang anangkil | Kusumayuda | Dêmang Malaya nangkil ||
57–58 dari 257

 


praptèng. (kembali)