Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
16 dari 55
58–59 dari 257
578–587 dari 2.562
16.011 Radèn Pamot ingkang munggwing ing ngayunan | Ki Kulăndaragêni | lan Ki Salisingan | Ki Panji Singajaya | Ngabèi Patrabăngsa ris | Suramanggala | Surayuda anangkil ||
16.012 Ki Tumênggung Sindubaya munggwing ngarsa | lawan Jamanggala ris | Ki Malangsumirang | Ngabèi Nayahita | lan Ki Panji Wirabumi | Astrawadana | Arya Panular nangkil ||
16.013 Ki Ngabèi Randêl lan Wirataka |[1] Kandhuruan ing Wêdhi | myang Kartamanggala | pan wong Nandhon punika | Dipati Madura nangkil | wong Numbakanyar | sèwu lawan wong bumi ||
16.014 wong Banyumas têngahan lan wong Pasundhan | Ciancang lan Ciamis | Tumênggung Ciancang | Wiramantri kang nama | Wiraduta ing Ciamis | Tumênggung Suma- | dinala Ribon nagri ||
16.015 Sukapura ing Bandung Parakan Mucang | Cilanggu Ungkur nênggih | Pangeran Sumêdhang | punika wadananya | Darmayuda sarêng nangkil | Ki Jaluhita | Cianjur samya nangkil ||
16.016 ing Carêbon pangerane sami seba | sadaya sami nangkil | pêpak nèng Mataram | miwah măncanagara | sawetaning gunung Wilis | pêpak sadaya | anèng ngarsa narpati ||
16.017 pra dipati pasisir wismèng Mataram | wetaning Batang nênggih | kulon Balambangan | wismanèng ing Mataram | jêjêl sumiwèng narpati | tanpa wilangan | wadya ingkang anangkil ||
16.018 Kangjêng Sultan Ngalaga alon [[85] 85: a...lon] ngandika | apa mulane Pathi | adhi mas Bragola | nora katon asèba | iki pêpak wong pasisir | măncanagara | mangsane uga mangkin ||
16.019 gya Tumênggung Endranata atur sêmbah | kawula tur pawarti | inggih rayi tuwan | pasisir lèr punika | sadaya dipun irupi | Nglasêm Juwana | ing Gobogan[2] wus kerit ||
16.020 among Dêmak kang maksih muwêr ing kitha | wong cilik dèn bahaki | Kudus lawan Rêmbang | pun Kalinyamat kêna | Pajangkungan Blora kerit | kawênang-wênang | rayi paduka Pathi ||
58–59 dari 257

 


Kurang satu suku kata: Ki Ngabèi Randêl lawan Wirataka. (kembali)
Grobogan. (kembali)