Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
16 dari 55
59–60 dari 257
587–596 dari 2.562
16.020 among Dêmak kang maksih muwêr ing kitha | wong cilik dèn bahaki | Kudus lawan Rêmbang | pun Kalinyamat kêna | Pajangkungan Blora kerit | kawênang-wênang | rayi paduka Pathi ||
16.021 èsmu duka sri narèndra angandika | lah iya adhi bêcik | ngayoni maringwang | lah uwa Purubaya | andika pikir sayêkti | sintên prayoga | tandhinga lan si adhi ||
16.022 inggih uwa Purubaya karsaningwang | kula tindak pribadi | inggih adhi êmas | Bragola ing Santênan | arsa ngayoni mring mami | tandhing prawira | bok iya sun turuti ||
16.023 wong Mataram kêbat prasami dandana | ingsun umangkat enjing | sagung pra dipatya | sami matur sandika | sang nata jêngkar tinangkil | lumebèng pura | ginarêbêg pra cèthi ||
16.024 kawarnaa enjang anêmbang tangara | orêg wadya Matawis | amêpak gêgaman | sadaya sami prapta | ing ngalun-alun abaris | ambèr mring pasar | ing luru[1] jêjêl baris ||
16.025 nora kêna[2] lurung kambah mring wong liwat | kèbêkan [[86] 86: kèbêka...n] dening baris | miwah kang turăngga | pirang-pirang asinang | lir samudra tanpa têpi | lamun sinawang | anglir prawata sari ||
16.026 gêgamane wong pasisir warna-warna | ingkang binolang kuning | ing mas kapurancang | ana pinothang lima | wargu ganjur lawan lêmbing | kang tumpêr ing mas | ana kang tumbak putih ||
16.027 pan wong Sampang kang landheyan bolang-bolang | tumbak sulam marapit | ponthang puput aglar | tulup lêmbing lan pêdhang | kang prajurit bêcik-bêcik | abrêngos capang | ingkang panjang pinuntir ||
16.028 Kangjêng Sultan sampun angrasuk busana | angagêm kyai gondhil | akuluk bathokan | rinangkêp dhasthar[3] Arab | anyuriga dhuwung kalih | Kyai Balabar | Ki Sangkêlat nèng ngarsi ||
16.029 sigra miyos orêg wadya ing Mataram | gêgaman dalêm mijil | sarêgêni tembak | umyang kang tumbak abang | wargu ganjur lan panjalin | sinulam êmas | galathik mungup ngarsi ||
59–60 dari 257

 


lurung. (kembali)
Variasi: kNe untuk kata kêna (dan di tempat lain). (kembali)
dhêsthar. (kembali)