Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
16 dari 55
60–61 dari 257
598–607 dari 2.562
16.031 asauran swaraning turăngga liman | lir ombak ing jaladri | kricike ing watang | abra lêlayu sinang | dinulu anggêgirisi | untabing bala | lir awun-awun gêni [[87] 87] ||
16.032 sri narendra sigra anitih turăngga | budhal sagunging baris | dinulu awêndran | bala tanpa wilangan | andulur lampahing baris | para santana | ingkang mugwing[1] kang wuri ||
16.033 dyan wus prapta gêgaman agêng sadaya | nênggih jabaning taji | anglarug lampahnya | pan wus prapta ing Pajang | wong pasisir andhingini | măncanagara | wus anggêpok ing Pathi ||
16.034 Kangjêng Sultan Ngalaga rêrêb ing Pajang | wadya ingkang dhingini | sami ambêbahak | ing Pathi padêdesan | rinayah kang kêbo sapi | ingkang abăngga | banjur dipun patèni ||
16.035 wong desane lumayu sajroning kitha | sami atur upêksi | ing lêlurahira | ya ta kang kawarnaa | sira dipati ing Pathi | mêpak gêgaman | miwah kang para mantri ||
16.036 Radyan Arya Kêndhuruan anèng ngarsa | lan Arya Sawunggalling | Arya Sindurêja | Ngabèi Wirapraya | Tumênggung Wiramênggali | riya kulonan | binarong munggwi[2] ngarsi ||
16.037 sira Arya Mangunjaya jajar tiga | lan Dêmang Surèngpati | Tirtanata seba | lan Răngga Carangdesa | Tanpanaha munggwing ngarsi | lan Arya Tăntra | lan Radèn Mêgatsari ||
16.038 Pangalasan lan Ki Dêmang Jagantaka | miwah Ki Waduaji | lawan Jayèngrana | jajar Răngga Pramana | lan Ngabèi Wirasakti | anèng ngayunan | para mantri ing Pathi [[88] 88] ||
16.039 Suranata lawan Dêmang Surantaka | Ngabèi Wirapati | Răngga Martahita | lawan Surabêrama | lan Ngabèi Jayapati | Citrawijaya | andêl-andêling Pathi ||
16.040 angandika sira Dipati Bragola | marang sangunging mantri | kaya pa kang warta | dene gègèr ing jaba | Kajinêman matur aris | inggih kawula | dening miyarsa warti ||
60–61 dari 257

 


munggwing. (kembali)
munggwing. (kembali)