Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
16 dari 55
61–62 dari 257
603–612 dari 2.562
16.036 Radyan Arya Kêndhuruan anèng ngarsa | lan Arya Sawunggalling | Arya Sindurêja | Ngabèi Wirapraya | Tumênggung Wiramênggali | riya kulonan | binarong munggwi[1] ngarsi ||
16.037 sira Arya Mangunjaya jajar tiga | lan Dêmang Surèngpati | Tirtanata seba | lan Răngga Carangdesa | Tanpanaha munggwing ngarsi | lan Arya Tăntra | lan Radèn Mêgatsari ||
16.038 Pangalasan lan Ki Dêmang Jagantaka | miwah Ki Waduaji | lawan Jayèngrana | jajar Răngga Pramana | lan Ngabèi Wirasakti | anèng ngayunan | para mantri ing Pathi [[88] 88] ||
16.039 Suranata lawan Dêmang Surantaka | Ngabèi Wirapati | Răngga Martahita | lawan Surabêrama | lan Ngabèi Jayapati | Citrawijaya | andêl-andêling Pathi ||
16.040 angandika sira Dipati Bragola | marang sangunging mantri | kaya pa kang warta | dene gègèr ing jaba | Kajinêman matur aris | inggih kawula | dening miyarsa warti ||
16.041 pan dêdamêl Mataram punika prapta | têpis wiringing Pathi | pan risak sadaya | gusti sami jinarah | ingkang băngga dèn patèni | alon ngandika | sira Dipati Pathi ||
16.042 sapa baya wong Mataram kang tumindak | kang dadya senapati | matur Kajinêman | inggih raka paduka | Jêng Sultan têdhak pribadi | kêrig sadaya | santana ing Matawis ||
16.043 tan winarna kêbate ingkang carita | prapta jabaning taji | lajêng kang gêgaman | sampun prapta ing Pajang | wong pasisir adhingini | măncanagara | wus anggêpok ing Pathi ||
16.044 sri narendra arêrêb anèng ing Pajang | wadya kang andhingini | sami ambêbahak | wong Pathi padêdesan | kidul gunung dèn boyongi | ingkang abăngga | pan sami dèn patèni ||
16.045 pan wong desa prasami angungsi kitha | sami atur upêksi | matur marang lurah | ya ta kang kawarnaa | sira Adipati Pathi | lagya sineba | dening sagung pra mantri ||
61–62 dari 257

 


munggwing. (kembali)