Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
11 dari 55
41–42 dari 257
407–416 dari 2.562
11.013 bok kacandhak marang wong Bagêlèn ika | ambêri bajak angkrik | iya dadi apa | wong Kêdhu dhugal-dhugal | sok mênanga ngajak angkrik | angur ngiliya | mupung tamban samangkin ||
11.014 panakawan kinèn nimbali niyaga | tan dangu nuli [[56] 56] prapti | pan kinèn gamêlan | anèng paseban jaba | badhaya kinèn ngêploki | asukan-sukan | dèrèng suda ing galih ||
11.015 maksih pajêg barise nèng palataran | warnanên sang dipati | mêdal lan garwanya | saking sajroning pura | wus prapta pinggir pasisir | wus numpak palwa | sira Dipati Tubin ||
11.016 panakawan têtiga ingkang binêkta | garwanipun kêkalih | sêliripun tiga | liyanipun punika | tan ana midhangêt warti | sêpên ing kitha | wau sang adipati ||
11.017 nuli ana wong dalêm ingkang pawarta | marang sang adipati | sarta aturira | raka dika wus minggat | anjêngêr sang adipati | wadya Madura | pisuhira dharidhil ||
11.018 baya dudu Si Tuban tusing prawira | kaya bèbèk pangarit | dene wêdi pêjah | cidranipun akathah | dene alune ngapusi | wong tinulungan | têka minggat si anjing ||
11.019 nuli bubar barise wong Surabaya | ing wayah bangun enjing | wadya ing Madura | enjang numpak baita | wong Tuban mawut anggiling | tangis gumêrah | wong dalêm ting jalêrit ||
11.020 sirna larut kang baris anèng palatar | gusis wus sami ngili | arêbut baita | gugub tunjang-tinunjang | kathah sarat palwanya ris | tumpang-tinumpang | wênèh kèrêm jaladri ||
11.021 wus miyarsa wong Pathi miwah Mataram | gumêrah jroning [[57] 57: jro...ning] puri | panjriting wanita | anêrka wong Mataram | wus minggat sang adipati | bubrah palatar | wong Pathi anglêboni ||
11.022 bata kilèn wong Pathi ingkang binubrah | dening wadya Matawis | kidul kang binêdhah | sami manjing sadaya | wong dalêm rinêbat wani | kadhatonira | jinarah dèn boyongi ||
41–42 dari 257