Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
11–12 dari 55
42–43 dari 257
412–421 dari 2.562
11.018 baya dudu Si Tuban tusing prawira | kaya bèbèk pangarit | dene wêdi pêjah | cidranipun akathah | dene alune ngapusi | wong tinulungan | têka minggat si anjing ||
11.019 nuli bubar barise wong Surabaya | ing wayah bangun enjing | wadya ing Madura | enjang numpak baita | wong Tuban mawut anggiling | tangis gumêrah | wong dalêm ting jalêrit ||
11.020 sirna larut kang baris anèng palatar | gusis wus sami ngili | arêbut baita | gugub tunjang-tinunjang | kathah sarat palwanya ris | tumpang-tinumpang | wênèh kèrêm jaladri ||
11.021 wus miyarsa wong Pathi miwah Mataram | gumêrah jroning [[57] 57: jro...ning] puri | panjriting wanita | anêrka wong Mataram | wus minggat sang adipati | bubrah palatar | wong Pathi anglêboni ||
11.022 bata kilèn wong Pathi ingkang binubrah | dening wadya Matawis | kidul kang binêdhah | sami manjing sadaya | wong dalêm rinêbat wani | kadhatonira | jinarah dèn boyongi ||
11.023 sakathahe wong dalêm wis jinarahan | sami binêkta mijil | dinum lir rajapan[1] | ri sampunnya mangkana | wong Mataram lan wong Pathi | agêgunêman | undure wong Matawis ||
11.024 sri narendra lagya miyos siniwaka | anèng ing păncaniti | kasaru praptanya | Dipati Martalaya | lawan Adipati Pathi | sah atur sêmbah | wus katur mring sang aji ||
11.025 trusthèng driya sang nata kalangkung suka | katur tingkahing nguni | Adipati Tuban | sang nata anggêganjar | marang sagung pra dipati | para santana | waradin pra dipati ||
11.026 para Mantri Mataram tampi ganjaran | miwah kang wadya alit | datan kaliwatan | sami tampi ganjaran | suka tyasira sang aji | miwah kang wadya | kasmaran ing ajurit ||
12. Asmarandana
12.001 ya ta wau ing sang aji | sri narendra ing Mataram | adangu gènira miyos | sira Arya Jasupănta | sun junjung lungguhira | lan sun paringi jajuluk | Tumênggung [[58] 58] Sujanapura ||
42–43 dari 257

 


ranjapan (dan di tempat lain). (kembali)