Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
12 dari 55
44–45 dari 257
433–442 dari 2.562
12.013 ingkang lumampah ing wingking | Ki Tumênggung Jagabaya | lan Panji Wirabumine | Ki Ngabèi Patrabăngsa | Dêmang Suradêksana | lan Ki Răngga Ngawu-awu | lan Si Panji Singajaya ||
12.014 ingkang lumampah ing ngarsi | Tumênggung Sujanapura | asri tinon busanane | sagung ingkang pra pangeran | lumampah anèng têngah | gêgaman asri dinulu | lir prawata kawêlagar ||
12.015 ginêlak lampahing baris | gancanging carita prapta | nagari Pajajarane | Ki Tumênggung Katawêngan | lan Tumênggung Lap-alap | pan wus misah barisipun | wus anginêp Surabaya [[60] 60] ||
12.016 prapta têpiswiringnèki | Surabaya binajagan | wong desa katrajang gègèr | na ênêng datan kocapa | gantya ing Pathi ika | tata gêgaman gumuruh | sira Dipati Bragola ||
12.017 sapraptanira ing Pathi | pasisir wus ingutusan | sarta sawadyabalane | prasami dandan baita | andhèr pinggir muara | ing wana gènnya angumpul | sagunging para dipatya ||
12.018 sira Sang Dipati Pathi | apan lagi anggêganjar | marang ing wadyabalane | agêng alit kawêratan | santana myang punggawa | arta myang busananipun | samya waradin sadaya ||
12.019 pêpatihira dipati | sira Arya Mangunjaya | lan Arya Jasupantane | dening para mantrinira | Ngabèi Wirasraya | Ngabèi Prawiratanu | Ki Dêmang Panantangyuda ||
12.020 lan Ki Arya Sawunggaling | Ki Ngabêi Wilatikta | lan Arya Panatasingron | Ngabèi Patramanggala | Ki Dêmang Jalêksana | lan Ngabêi Jawinangun | Ki Tumênggung Binarongan ||
12.021 baitane warni-warni | pasisir para dipatya | Lêmbugiyunta kècine | jêjêl baita muara | jungkung maya ariban | abra kang baita sêlub | miwah kang baita kapal ||
12.022 ya ta Adipati Pathi | lajêng anumpak baita | Lêmbugiyunta palwane | pacalang momotan wadya | saha busananira | para Dipati Matarum | prasami numpak baita [[61] 61] ||
44–45 dari 257