Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
27 dari 55
101–102 dari 257
1.010–1.019 dari 2.562
27.031 anulya dandan sadaya | wus malatar mriyême dèn sulêdi | gurnada gurnat myang êbum | swaranira lir gêlap | ywa wong Jawa kang katiban kabur-kabur | Ki Tumênggung Baurêksa | samana sampun akanin ||
27.032 katiban mimis sêsawat | pupunira tugêl manguwir-uwir | wong pasisir kathah lampus | mimis pan kadi jawah | wong Kumpêni mimise kêdhik kang kantun | watara kari sadina | datan duwe malih-malih ||
27.033 bitingira sampun bubar | wong pasisir manahe kêtir-kêtir | ya ta kasaput ing dalu | wong cilik kathah minggat | samya mulih akèh amora ing dalu | wau Dipati Madura | arsa ngawaki pribadi ||
27.034 kadang kadeyan sadaya | wus pinêpak sadaya pan tinari | pan ingsun arsa angamuk | kuthane Si Walănda | ngong unggahi pan arsa sun amuk purun | lah padha asêsucia | payo padha [[155] 235] mati sabil ||
27.035 prasamya matur sandika | kang santana lawan kang bala mantri | asanggup barênga lêbur | enjange kawarnaa | Ki Mandura samana pan sampun mêtu | sigra tangara kang bala | bêndhene ngungkung tiniti ||
27.036 Walănda sampun mêlatar | bêdhilira pan sampun dèn isèni | berak dèn wor mimisipun | Ki Mandura wus mangsah | pra santana balanira sarêng nêmpuh | Kumpêni pan kagegeran | bêdhile wus dèn sumêdi ||
27.037 swarane bêdhil lir gêlap | kang pratala lindhu bah gonjang-ganjing | wong Mataram akèh lampus | kang sawênèh aniba | nulya tangi kang tiba banjur lumayu | sawênèh ana kang sêmpal | baune manguwir-uwir ||
27.038 kang sawênèh kaprawasa | janggut sêmpal baune rontang-ranting | sawênèh pupunya putung | ingkang kêna sêsawat | kang sawênèh ana tugêl gulonipun | sirahe pan galundhungan | tan ana tawa ing mimis ||
27.039 sawênèh bêdhile kontal | nulya tangi umangsah ngamuk malih | Ki Mandura pêrangipun | mimis kadi parada | yèn alèrèn nulya ingusapan sampun | anulya mangsah ing rana | wus parêk kalawan biting ||
27.040 wong Walănda kagegeran | mimis êntèk tinja kinarya mimis | gènnya ngisèni kasusu | tan anganti wêwadhah | têpiyone kinarya cêcidhuk tablun | sawênèh sinendhok tangan | wênèh cinorok kulambi ||
101–102 dari 257