Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
28 dari 55
105–106 dari 257
1.048–1.057 dari 2.562
28.023 ingkang sowan prasami bubar sadaya | sampun arakit baris | wong măncanagara | pan sampun ingutusan | lan kinèn saosa sami | gêgamanira | sakapraboning jurit ||
28.024 tan kawarna laminya têka sadaya | sigra miyos tinangkil | pêpak kang punggawa | mantri lan sinatriya | miwah Pangeran Dipati | Salarong prapta | kalihan ingkang rayi ||
28.025 kang awasta Adipati Pringgalaya | putranipun kêkalih | kang amilu yuda | sampun pêpak sadaya | miwah ingkang para mantri | gêgamanira | ngalun-alun abaris ||
28.026 angandika sri narendra ing Mataram [[160] 240: Matara...m] | bubarna kang abaris | lah ta adhi poma | sira pan dèn prayitna | kang rayi matur wotsari | anulya budhal | miwah kang para mantri ||
28.027 wus lumampah gêgaman agêng gumêrah | prapta jabaning taji | andhèr ambêlabar | tan kawarna ing marga | pan sampun praptèng Kêdhiri | măncanagara | wau ingkang dèn anti ||
28.028 Jagaraga Kaduwang lawan Magêtan | Madiun sampun prapti | miwah Pranaraga | Caruban Kêrtasana | Kalangbrèt lawan ing Rati | Srêngat Balitar | sadaya sampun prapti ||
28.029 Garobogan Balora lawan ing Jêpang | Sêsela lagya prapti | wong pasisir kiwa | kang milu angluruga | ing Lasêm lawan ing Pathi | Sadayu Tuban | Nglamongan lan Garêsik ||
28.030 Surabaya kalawan ing wong Madura | sadaya samya kêrig | miwah Wirasaba | Pasuruan ing Malang | punika sampun prajangji | ing Pasêdhahan | pakumpulaning baris ||
28.031 sampun bubar saking nagari ing Daha | datan kawarnèng margi | praptèng Pasuruan | pan sampun tata-tata | wong pasisir sampun prapti | măncanagara | sami amêpak baris ||
28.032 sampun bubar gêgaman prapta Lumajang | nanging maksih lumaris | wau sampun prapta | watêsing Bêlambangan | arêrêb anata baris | sampun kawarta | misuwur ing wong Bali ||
105–106 dari 257