Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
28 dari 55
103–104 dari 257
1.029–1.038 dari 2.562
28.004 pun Madura sampun ngawaki priyăngga | tumpês balanirèki | anak putunira | sampun akathah pêjah | pun Madura ngrangsang biting | Kyai Madura | kondure dening tai ||
28.005 pun Walănda obat mimise wus têlas | tinja kinarya mimis | têlas kedahira | asêdya têtumpêsan | manahira sampun gigrih | yèn bantonana | baris saking Matawis ||
28.006 pasthi bêdhahipun nagari Jakarta | ing mangke kadospundi | ing karsa sang nata | botên si yèn awona | apênêt lan wong Walandi | sri naranata | nulya ngandika aris ||
28.007 inggih uwa Purubaya karsaningwang | sun kèn mundur kang jurit | lah ta wong Mataram | ing benjang wruhanira | ing sapungkur-pungkur mami | nak putuning wang | yèn lunga sing Matawis ||
28.008 wong Kumpêni ingkang têtulung ing benjang | hèh wong gandhèk dèn anglis | lan Singanagara | lah sira timbalana | kang anèng Jakarta jurit | Ki Baurêksa | uwisna padha mangkin ||
28.009 Si Madura aja mulih mring Mataram | prênahna anèng Kali- | wungu dèn gonana | uwis sira mangkata | utusan wus nêmbah pamit | nulya lumampah | tan kawarna ing margi ||
28.010 wus alayar sampun têka ing Jakarta | nulya sira kapanggih | lawan Ki Madura | anulya tinimbalan | kinèn mundura kang [[158] 238] jurit | gih jêngandika | wontêna Lèpèntangi ||
28.011 Ki Madura garjita ing manahira | angrasa lamun sisip | sigra nulya bubar | sampun anitih palwa | Baurêksa dèn suduki | kala samana | wong pasisir atintrim ||
28.012 sampun bubar wadya pasisir sadaya | Walănda aningali | langkung sukanira | sampun angrasa gêsang | wus angrasa wong Kumpêni | yèn kangjêng sultan | kang asru angalimi ||
28.013 pira-pira sukanira wong Walănda | wus olih rêmbug bêcik | tan anyana mênang | dandanane wus têlas | marmane sira nusuli | marang Mataram | ngaturi bulubêkti ||
103–104 dari 257