Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
28 dari 55
109–110 dari 257
1.087–1.096 dari 2.562
28.062 lêbu mlêtuk malêdug wanara galak | bumi agonjang-ganjing | Radèn Padurêksa | angamuk mring payudan | pangamuke mobat-mabit | numbak anigas | wangke sungsun atindhih ||
28.063 mayit Bali lan mayit ing Balambangan | lan mayit ing Matawis | pan tumpang-tinumpang | wong aprang kathah pêjah | wong Balambangan kèh miris | tatane rusak | wus bubrah bosah-basih ||
28.064 Radèn Padurêksa tandange lir sima | sinosog ing wong Bali | pan nora rinasa | lir pendah panjang putra | sinosog ing roning pari | wong Balambangan | pêrange wus kalindhih [[165] 245] ||
28.065 lir andaka tandange Ki Padurêksa | sarira kuthah gêtih | panganggone basah | wong Bali sampun bubar | ya ta kasaput ing wêngi | mundur kang yuda | sakèhing wong Matawis ||
28.066 wong Kabalèn Balambangan sampun susah | manahira atintrim | prang raina kalah | kathah longe kang pêjah | yèn wêngi dipun amuki | akathah pêjah | gègèr sawêngi-wêngi ||
28.067 kang anama Rahadyan Wăngsakartika | pangamuke ing wêngi | Radèn Padurêksa | pangamuke raina | mila wong Bali atintrim | wong Balambangan | pan sami alolosi ||
28.068 prajurite samana akathah pêjah | gagêdhene wus mati | iya kalih pisan | wong Bali sampun têlas | kang urip pan samya mulih | wong Balambangan | bubarira ing wêngi ||
28.069 wus raina wong Mataram pan tumingal | yèn wus bubar kang baris | nulya atangara | angajak ngrangsang kitha | karsane ambêboyongi | sampun lumampah | wong cilik jêjarahi ||
28.070 Ki Mas Kêmbar samana sampun kapêcak | anulya dèn cêkêli | pan sampun binasta | wong cilik binêdholan | wong dalêm wus dèn boyongi | yèn ana băngga | wasisan dèn patèni ||
28.071 Balambangan sadaya angursi[1] arga | ajar kang dipun ungsi | wastane kang ajar | Ajar Salokantara | wong Mataram kang nututi | akathah pêjah | dèn amuk tan apulih ||
109–110 dari 257

 


angungsi. (kembali)