Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
29 dari 55
114–115 dari 257
1.139–1.148 dari 2.562
29.028 Adipati Sumêndhang wus kêni | binêsta binoyong | wong wadone wus tinawan kabèh | gêdhe cilik datan ana kari | wus binêkta mijil | tangisira umyung ||
29.029 wong ing Ngungkur ingkang dèn gendholi | cacah sèwu ingkang wong |[1] sampun bubar kabèh ing barise | tan kawarna lampahirèng margi | wus praptèng Matawis | katur ing sang prabu ||
29.030 yèn ing Ngukur sampun kawon jurit | wongipun kaboyong | sampun tapis kabèh wong lanange | langkung suka wau sri bupati | tan winarnèng kawi | anênggih winuwus ||
29.031 kala kangjêng sultan acangkrami | midêr-midêr kêbon | saampilan tlêmpak landheyane | kajêng wrêgu kampil ing wadyèstri | nèng kêbon pan asri | buron wana agung ||
29.032 sapraptane kakêbonan asri | jêng sultan amanggoh | kidang jalêr kalangkung galake | iku kalangênaning narpati | kidang umulat ing | sultan gya tinêmpuh ||
29.033 kangjêng sultan wus prayitnèng wèsthi | ampilan kang waos | wus ingagêm talêmpak ngastane | kidang nandêr sultan anadhahi | andhêman ngênèni | raina sumêmbur ||
29.034 nanging kidang asru pambantêring | anêmpuh sang katong | tlêmpak wrêgu sangêt mantêlunge | krana kidang prapta nèng ing ngarsi | malah sultan kongsi | kagêyor kang pupu ||
29.035 nanging datan karaos kang wêntis | panggayoring buron | saking jêng sultan dahat têguhe [[172] 252] | dadya tan pasah wêntis kang busik | wusing kidang mati | sultan ngandika rum ||
29.036 iya sakèhe nak putu mami | ing sawuriningong | aywa ana nganggo landheyane | wrêgu apan iku nêniwasi | sigêgên sang aji | dyan malih winuwus ||
29.037 kangjêng sultan jênêngira aji | kadhatone roro | ing Sagara Kidul satunggile | Nyai Kidul kagarwa narpati | mila sri bupati | kalih puranipun ||
114–115 dari 257

 


Lebih satu suku kata: cacah sèwu kang wong. (kembali)