Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
29 dari 55
112–113 dari 257
1.119–1.128 dari 2.562
29.008 amariksa kathahe prajurit | Bêlambangan kang wong | sapa ingkang amojok jurite | sami matur sakathahe mantri | anênggih rumiyin | kang rosa prangipun ||
29.009 anandhahi pangamuking Bali | jajênêng sang katong | Padurêksa punika wastane | wontên sadhèrèkipun satunggil | angamuk ing wêngi | langkung sêktinipun ||
29.010 pun Wăngsakartika wastanèki | ngandika sang katong | iku sapa mangkono arane | dening ingsun durung wruh ing nguni | sigra awotsari | kang dinangu matur ||
29.011 nênggih nakipun paman sang aji | Pringgalaya kang wong | ingkang dumadya wawêri rajèng | nênggih ngriki ingkang anglampahi | malingi [[169] 249: maling...i] sang aji | karuhun tinundhung ||
29.012 angandika wau sri bupati | sakèhing sanak ngong | lamun nora ana pakewuhe | nglakonana lara lawan pati | yèn ana kang jurit | iku kang angamuk ||
29.013 mara timbalana dipun aglis | sêbaa maring ngong | lawan sira Padurêksa mangke | ingsun junjung kaki adipati | Têpasana adi | iku lungguhipun ||
29.014 ajajara lan santana mami | sèwu kang lêlunggoh | pra santana angèstrèni kabèh | sigra jêngkar sang nata tinangkil | malêbêt jro puri | pra garwa amêthuk ||
29.015 tan kawarna laminya ing mangkin | midhangêt sang katong | ing Sumêndhang Ngukur pambalike | langkung duka wau sri bupati | wus mijil tinangkil | wau gung supênuh ||
29.016 para mantri wus angudanèni | yèn duka sang katong | mukanira konjêm siti kabèh | langkung ajrih mulat ing narpati | tan ana kumlisik | prasami tumungkul ||
29.017 èsmu duka sang nata dèrèng ngling | dhumatêng punang wong | ing Sumêndhang Angukur wartine | kang katur mring sun mêngko ambalik | gêcêkên tumuli | lan nagara Ngukur ||
112–113 dari 257