Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
20 dari 55
80–81 dari 257
798–807 dari 2.562
20.105 wong sakawan sampun prayitna sadaya | warnanên kang wus prapti | wadya ing Mataram | sampun ninga sadaya | pan ana kang băngga wingking | sami prayitna | ngalun-alun wus prapti ||
20.106 wong Santênan watara ing kathahira | wong kalih atus nênggih | sigra atêngara | Dêmang Suraprameya | sarêng mangkat kang prajurit | angamuk rampak | sadaya ambêk pati ||
20.107 kinarutug mimis wadya ing Santênan | nanging tan kêna gingsir | pan kathah kang pêjah | pan [[117] 117: pa...n] dèn ilês kewala | datan wontên sêdya urip | wadya Mataram | iya tan nêdya gingsir ||
20.108 pangamuke wong Pathi lir singa lodra | galak tanpa lih bukti | pan kakèhan lawan | wong Pathi têlas pêjah | prajurite angawaki | sigra narajang | ngamuk angobat-abit ||
20.109 wong Mataram prasami sudiranira | pan sampun anginêbi | Ki Suraprameya | angamuk kadi yaksa | singa katêrajang ngisis | Ki Alap-alap | kudane dèn camêthi ||
20.110 wus anêmpuh kuda lan Suraprameya | rame ungkih-ingungkih | Ki Suraprameya | asru panumbakira | Ki Alap-alap atangkis | watangnya kontal | nulya tinumbak aglis ||
20.111 wus ginêbang putung watange kasingsal | Alap-alap nglarihi | jajanira pasah | ludiranya daladag | Suraprameya wus miris | angabêncana | mundur andêdagangi ||
20.112 Kyai Răngga Jaladra pangamukira | dahat angobat-abit | Ki Arya Panular | sigra nuli narajang | sampun têmpuh ing ajurit | tumbak-tinumbak | sami sudirèng kalih ||
20.113 Ki Panular anumbak Răngga Jaladra | asru dènira tangkis | nanging kabêrabat | kêna gulu iringnya | watara pasah sanyari [[118] 118] | Răngga Jaladra | mundur amêmêcati ||
20.114 Wurantaka angamuk saya manêngah | sigra Ki Wirapati | nyandhak pangawinan | mamprung nuli narajang | tumbake datan ngundhili | mudhun ing kuda | sami dharat kang jurit ||
80–81 dari 257