Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
20 dari 55
77–78 dari 257
767–776 dari 2.562
20.074 Nayadarma kapêdhak bêkta ampilan | waose sri bupati | Kyai Barukarna | binêkta Nayadarma | anulya sigra apamit | sri naranata | angandika ing abdi ||
20.075 alah iya yèn satuhu wani sira | tumbakku Barukuping | sira tamakêna | Nayadarma tur sêmbah | sigra majêng awotsari | Ki Nayadarma | sigra arêbut dhingin ||
20.076 Adipati Pathi wus kinalang-kalang | wus pêrak sang dipati | anulya narajang | mring kapêdhak Mataram | prasami anakêr wani | wus tinadhahan | sang dipati ing Pathi ||
20.077 Kinarubut kudanira sampun pêjah | malumpat sang dipati | ngamuk lan curiga | sigra Ki Nayadarma | prênahe sampun kapering | sigra tinumbak | asru sang adipati ||
20.078 lambungira ki dipati ingkang pasah | dhasar sayah kariyin | pan nuli aniba | dipati wus palastra | rinêbut mring wong Matawis | pan sampun kêna | angaku anatoni ||
20.079 sampun katur dhumatêng sri naranata | yèn dipati ngêmasi | kinèn ambêktaa | jisim dhatêng ngajêngan | kapêdhak sigra wotsari | nuli lumampah | mring prênahe kang [[113] 113] jisim ||
20.080 Mangunjaya uninga dipati pêjah | angrêbut tan kuwawi | anulya lumajar | mulih marang Santênan | angukub kang kari-kari | dyan kawarnaa | pan ingkang mundhut jisim ||
20.081 wong kapêdhak kewuhan pambêktanira | karsa pinundhi-pundhi | satruning narendra | yun sinèrèk kewala | iki santana narpati | sami kewuhan | ana wong tua siji ||
20.082 aris mojar puniku karêp manira | sirahipun pinandhi | sikil sinèrèda | sadaya kapêthukan | anulya dipun lampahi | sirah ingangkat | sukune dipun irit ||
20.083 aningali sang nata kalangkung suka | sampun prapta ing ngarsi | sang nata ngandika | lah padha adêgêna | iku jisime si adhi | wus jinaganan | ngandika sri bupati ||
77–78 dari 257