Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
20 dari 55
79–80 dari 257
782–791 dari 2.562
20.089 nora isin sira edan Endranata | mau malik kulambi | arêp ingsun tumbak | umpêtan awor kompra | dening ta dêlap aurip | eman sang nata | maringi tunggak sêmi ||
20.090 eman-eman alinggih lampit si edan | jêjêrih wêdi mati | duraka nèng dunya | Endranata awirang | mundur alinggih nèng wuri | sarwi angucap | ngadhêp wong kêna sarik ||
20.091 sampun katur Sawunggaling wus kabêsta | wus kinèn amêjahi | sampun pinêjahan | Sawunggaling karênan | kalamun awèta urip | wira nèng dunya | warnanên sri bupati ||
20.092 angandika sang nata mring Alap-alap | sira mentara aglis | lan si Jagabaya | lan Arya Panularan | Si Ngabèi Wirapati | lan wong Mataram | milua urun mantri ||
20.093 baboyonga marang nagara Santênan | poma sira dèn bêcik | yèn ana kang băngga | anuli patènana | yèn wus mati kang prajurit | dèn boyongana | dèn ênting aja kari ||
20.094 Sarupane [[115] 115: Sarupa...ne] wong wadone ing Santênan | yèn bojoning priyayi | lah sira tandhua | aja kongsi lumampah | lan anggowoa joli |[1] bok ipe benjang | sira tunggangna joli ||
20.095 Alap-alap lan Tumênggung Jagabaya | Panular Wirapati | wus amit tur sêmbah | nulya bubar sadaya | datan kawarna ing margi | warnanên sira | Mangunjaya kang prapti ||
20.096 wus malêbu jroning pura tur uninga | mring garwaning dipati | yèn kang raka seda | tumpêsan ingkang bala | ya ta kang garwa samyanjrit | wong dalêm pura | gumuruh samya nangis ||
20.097 sêsambate pan sami kawêlasarsa | umyang swaraning tangis | lir pendah ampuhan | sakèhing para garwa | sêsambate mêlasasih | aniba-niba | ana gumuling siti ||
20.098 putranira kang aran Rahadèn Răngga | samya dipun tangisi | adhuh putraningwang | êndi ta ramanira | sapa wlas ing sira gusti | dhuh putraningwang | kakang êmas dipati ||
79–80 dari 257

 


Kurang satu suku kata: lawan anggowoa joli. (kembali)