Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
21 dari 55
84 dari 257
831–840 dari 2.562
21.017 ingkang rama wartane wus lalis | ingkang kari amung anakira | Ki Mas Pêkik pêparabe | punika karsaningsun | sun boyongi marang Matawis | pan arsa uningaa | panêmbahan matur | punapa ing karsa nata | ulun inggih umiring sakarsa aji | apênêt katimbalan ||
21.018 tan kawarna solahirèng margi | Surabaya Pangeran Kapêdhêk |[1] anèng ing padhukuhane | Ngrêrêpèh wastanipun | Alap-alap anuli prapti | andhawuhkên timbalan | kawulang ingutus | dening raka jêngandika | ing Mataram punika karsa pinanggih | kalawan jêngandika ||
21.019 pan andika tinimbalan aglis | mring Mataram lawan ingkang garwa | kinèn bakta sagarwane | sawiji sampun [[124] 204: sampu...n] kantun | tan lênggana Radèn Mas Pêkik | sigra anulya dandan | sanak putunipun | Ki Alap-alap utusan | mring Tumênggung Sapanjang anuli prapti | sami kinèn adandadan |[2]|
21.020 angiringna mring Radèn Mas Pêkik | dèn karêksa anèng ing dêdalan | anulya adandan kabèh | sigra wus dandan sampun | Alap-alap Radèn Mas Pêkik | miwah wong Surabaya | rumêksa ing pungkur | datan kawarna ing marga | sampun prapta ing dasa Butuh sira glis | angujung mring astana ||
21.021 pan asare ngastana sawêngi | Ki Mas Pêkik asare nèng dagan | têngah dalu ing wayahe | ana swara karungu | asung pêmut dhatêng Mas Pêkik | alah Ki Surabaya | wruhanira besuk | ing Pajang ana narendra | putunira asêtya dadi narpati | ana ing Wanakarta ||
21.022 kang ingaran iya Ratu Kuning | iya iku kaki putunira | kilèn ing kitha purane | kagyat sira awungu | wus raina anulya angling | mring kang tunggu ngastana | lah sira angrungu | ing swara tan katingalan | Pajang kene cinêtha ana narpati | anênggih putuningwang ||
21.023 ingkang aran ta Sang Ratu Kuning | kadhatone nênggih Wanakarta | Ki Kunci aris ature | Radèn Mas Pêkik matur | lah kariya kang tunggu kunci | sigra anulya bubar | tan kawarnè êdu | Ki tumênggung Alap-alap [[125] 205: A...lap-alap] | angaturi wuninga dhatêng Matawis | matur mring sri narendra ||
21.024 lamun Radèn Mas Pêkik wus prapti | sri narendra miyos siniwaka | pêpak wadyabala andhèr | miwah santananipun | pêpak kabèh sami tinari | sultan aris ngandika | mring kang pinisêpuh | lah ta uwa Purubaya | kadipundi ing mangke Radèn Mas Pêkik | dhumatêng ngarsaningwang ||
21.025 inggih sintên kang yoga ngabêkti | lamun prapta punapa manira | ngabêktia sapatute | punapa awak ingsun | ingkang patut dèn kabêktèni | pakanira[3] rasakna | ing saprayoginipun |[4] panêmbahan sigra mojar | yèn kawula inggih ta Radèn Mas Pêkik | kang pantês ngabêktia ||
21.026 inggih sampun kungkulan narpati | botên wontên kawula kang nistha | pang sampun kawon kawruhe | ing mangke yêktinipun | tinimbalan dhatêng ing ngarsi | tan kuwasan lênggana | milane sang prabu | pantês punika kang nêmbah | sri narendra suka angandika aris | lêrês uwa andika ||
84 dari 257

 


Biasanya guru lagu a: Kapêdhak. (kembali)
Lebih satu suku kata: sami kinèn adandan. (kembali)
pakênira. (kembali)
Lebih satu suku kata: saprayoginipun. (kembali)