Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
21 dari 55
85–86 dari 257
845–854 dari 2.562
21.031 lwir katurunan lêlatul kadri | kadhawuhan andika sang nata | animbali gêgêbale | lir malekat tumurun | mring kawula dhawah sêjati | padhange tyas kawula | midhangêt pukulun | saandika sri narendra | langkung manis kawula dahat agipih | marêk dhatêng paduka ||
21.032 kangjêng sultan suka ing jro galih | amiyarsa aturing dipatya | ing Surabaya sumèlèh | jêng sultan ngandika rum | mring dipati ing Surabanggi | mila ngong sira undang | pêpanggih lan ingsun | wus pinasthi ing Hyang Suksma | patêmone [[127] 207: patêmo...ne] lir surya kalawan sasi | sêdhênge sasadhara ||
21.033 wus raina sang hyang surya mijil | sapandulon prake lawan căndra | iya iku patêmone | sakêdhap sasi surup | timbangane surya lan sasi | salah siji ilanga | pêsthi jagad suwung | upama manira surya | Ratu Pêkik upama ta sira sasi | pêsthi timbangan ingwang ||
21.034 tanah Jawa iya ing Samawis | pêkênira yèn nora nanaa | yêkti rusak puwarane | jênêng Mataram puput | yèn tan têmu lan sira malih | sira pama sagara | pancurane ingsun | pêsthi sira nadhahana | toya agung talaga yèn tan nadhahi | yêkti puwara asat ||
21.035 para ingsun trêsna ingkang ati | yayi Surabaya lir êmbanan | yèn tan ana sêsotyane | dadya êmbanan suwung | mapan merang myang aningali | ucula ing ênan |[1] sirna tan kadulu | sêsotya tuwin êmbanan | cahya mancur akèh kang wong aningali | pan arsa ngêmbanana ||
21.036 lah Dipati Surabaya iki | sira wismaa anèng Mataram | maksiha ing kadipatèn | nagaranira iku | sun wèhakên mring sira maning | wadya ing Surabaya | ja owah ing laku | kang linggih lampit kêndhaga | apan iya maksiha linggihe lami | aywa owah kang saban ||
21.037 Surabaya kalawan Matawis | apan tunggal Ratu Pêkik ika | darbe nagara kêkalèh | lamine tan winuwus | adipati ing Surabanggi | pan sampun tinariman | kang rayi sang prabu | Ratu Wandhan wastanira | kang kagarwa ya marang Sang Ratu Pêkik | sampun awor asmara [[128] 208] ||
21.038 wus alami dènira wor rêsmi | Ratu Pêkik kalawan kang garwa | lan Ratu Wandhansarine | sultan anèng kadhatun | angandika marang ing cèthi | timbalana riningwang | Ratu Wandhansantun | matura yèn ingsun gêrah | yèn dèn wèhi nuli mentara dèn aglis | matura marang ingwang ||
21.039 sigra mentar punang cêthi prapti | tan asuwe ing Kasurabayan | sigra prapta ing ngarsane | Ratu Pêkik ta wau | punang cèthi pan nuli angling | kawula pan dinuta | inggih dipun utus | dhatêng raka jêngandika | kangjêng sultan nênggih kinèn animbali | dhatêng rayi sampeyan ||
21.040 kangjêng sultan lagya gêrah nênggih | ingkang wêling raka jêngandika | lamun si awèh lakine | lumêbu mring kadhatun | dèn tinjoa gêrahku iki | lan lakine tan suka | aywa ta lumêbu | Adipati Surabaya | têbah jaja sumăngga ing asta kalih | tan kèri lêngganaa ||
85–86 dari 257

 


Kurang satu suku kata: ucula ing êmbanan. (kembali)