Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
21 dari 55
86–87 dari 257
858–867 dari 2.562
21.044 sakathahe kang doh ing Jawi |[1] pasthi kalah marang lakinira | wus kasoran lêluhure | Susunan Giri dangu | pan gêguru mring sang ayogi | Susunan Ngampèldênta | iku purwanipun | atapa kathah yuwana | tanah Jawa sadaya sami lumiring | angalahakèh ing aprang |[2]|
21.045 sigra mulih Ratu Wandhansari | sampun prapta anèng Surabayan | wus panggih lawan lakine | manêmbah ngaras suku | ing pratala Sang Ratu Pêkik | garjita ing jro nala | prapta garwanipun | anarka yèn ana karya | Adipati Surabaya wruh ing wangsit | mênêng èsmu sasmita ||
21.046 tan winarna laminya ing mangkin | Ratu Wandhansari sinarenan | sampun dènnya mong karêsmèn | sasampuning pulanghyun | Ratu Wandhan angling bêbisik | karsaning kangjêng sultan | wus babar maring sun | Adipati Surabaya | sigra mojar sun sêngguh nora kayèki | kang karsa kangjêng sultan ||
21.047 yèn wêruha kang karsa narpati | amrih rusake Giri Pandhita | pinrih ngidhapa wujude | wus kagêm ngastaningsun | pan wus anèng sêlaning driji | Pandhita ing Aldaka | ing saèstunipun | watara măngsa kalaha | umpamane lir amithês wohing ranti | pasthi kalamun bêdhah ||
21.048 Ratu Pêkik asru dènira ngling | mring sang rêtna manira nênêdha | ratu [[130] 210] mas iku jatine | lah aturêna ingsun | caosêna sowan narpati | apan ta ingsun arsa | pamit ing sang prabu | kang garwa datan lênggana | sigra mangkat wus prapta ing dalêm puri | sarimbit tinimbalan ||
21.049 sapraptaning kalih ngarsa aji | adipati lawan Ratu Wandhan | wus ngabêkti kêkalihe | sumungkêm anèng lêbu | dêlamakan sri narapati | sang prabu angandika | kaya pa sirèku | Pandhita ing Giripura | sayêktine sun têmpuhakên sirèki | nungkule si pandhita ||
21.050 Ratu Pêkik umatur wotsari | paduka nata datan lênggana | nênggih atur kawulanggèr | Surabaya Sang Prabu | andhatêngna mêngsah kang sêkti | anênggih Rajèng Cina | piranti nèng gunung | wong Surabaya tan ebah | pan suwawi kalawan paduka aji | kawula pamit yuda ||
21.051 wontên dene rayi paduka ji | inggih botên pan kawula bêkta | katura dhatêng sang angrèh | wontêna ing kadhatun | pan wong èstri pan angribêti | botên dados dandanan | prakawis prang pupuh | botên wande dados băndha | têmpuhing prang satêmah tan kobêr jurit | pijêr ngrawati garwa ||
21.052 sri narendra gumujêng saryyangling | karsaningsun yayi garwanira | para gawaa ta mangke | mapan sasêdyaningsun | rabènira sadulur mami | barênga pêjah gêsang | kalawan rabimu | wus wiyahe ing wanodya | pan kang lanang kalah ajurit ngêmasi | bojo dadya boyongan ||
21.053 Ratu Pêkik umatur wotsari | inggih nuwun sih paduka nata | tan lênggana ing karsane [[131] 211] | anulya sami kondur | Ratu Pêkik lawan kang rayi | manêmbah mring suku sang | mangusapi lêbu | kangjêng sultan angandika | alah lara ta sira aja gumingsir | barênga pêjah gêsang ||
86–87 dari 257

 


Kurang satu suku kata: sakathahe kang adoh ing Jawi. (kembali)
Lebih satu suku kata: angalahakèh ing prang. (kembali)