Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
22 dari 55
88–89 dari 257
880–889 dari 2.562
22.006 kawula anuwun idi | alami kularsa-arsa | damêl dalêm salamine | sampeyan dipun pracaya | dhumatêng wak kawula | pan inggih kawula purun | mungsuh ing wong Surabaya ||
22.007 anulya tangara aglis | pêpak ingkang wadyabala | wong Giri wus pêpak kabèh | sarta gêgamaning yuda | marbot modin sadaya | santrine wus samya kumpul | kadi kontul arêratyan ||
22.008 kêtib pangulu dhingini | pranan kalawan santana | Ki Cina senapatine | samya wong Cina balanya | kathahe winatara | pan ana wong kalih atus | wus manjing Islam sadaya ||
22.009 para santana ing Giri | sampun apêpak sadaya | pan nindhihi gêgamane | pan nulya sigra tangara | mangsah ing rananggana | sêdyane barênga ngamuk | sigra anulya umangkat ||
22.010 bêndhe bêdhugnya tinitir | wong Surabaya uninga [[134] 214] | anulya nata barise | putra Cina wus amapan | sami ngagêm sanjata | kang binêdhil nora luput | wong Surabaya kèh pêjah ||
22.011 karsanya angidêg wani | anulya kinariyinan | wong Giri angamuk kabèh | wong Surabaya tumandang | sampun campuh ing yuda | suraknya lir gunung rubuh | santrine sami babêksan ||
22.012 sakathahe wadya Giri | prasami ambêk palastra | saha bala ngamuk kabèh | sinosog ing ganjur rantab | binêdhil binakolang | tan kandhêg pangamukipun | wong Surabaya kèh pêjah ||
22.013 wus bubrah tataning baris | wong Giri wus anèng têngah | pangamukira wus amor | barise pating sulayah | gustine tan karuan | wong Surabaya katawur | prajurite kèh palastra ||
22.014 wong Surabaya angisis | wong cilik kathah lumaywa | kang prajurit bubar kabèh | ulate wus pandirangan | datan măngga puliha | ya ta kasaput ing dalu | kang amburu sampun bubar ||
22.015 wong Giri wus samya bali | wangsul marang prênahira | wadya Surabaya kabèh | kang prajurit samya sowan | dhumatêng gustinira | sadaya sarêng umatur | ngaturakên pêjah gêsang ||
88–89 dari 257