Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
34 dari 55
151–152 dari 257
1.504–1.513 dari 2.562
34.009 angrês manahe sang nata | andulu dhatêng kang bibi | miwah dhumatêng kang paman | langkung dènira mlasasih | muka konjum[1] ing siti | angandika sang aprabu | punapa karsa dika | pepe sangandhap waringin | pan kawula tan darbe tyas êla-êla ||
34.010 kawula kalangkung kagyat [[222] 302] | andika ngowah-owahi | pepe nèng waringin jajar | Pangeran Surabaya ngling | kawula gusti ajrih | ayun andarbèni atur | ngaturkên pêjah gêsang | saking cupête kang budi | pan kawula tiyang cêguk mudha dama ||
34.011 ngaturakên pêjah gêsang | saking cupête kang abdi | tan liya ambalilaa | dhumatêng sri narapati | balilu anglampahi | kawula kenging sasiku | kawula botên nêdya | botên nyana botên ngimpi | angaturi sasêmon dhatêng sang nata ||
34.012 mila kawula sang nata | atur bakisar rumiyin | tan pantês kula ingua | dening warnanipun pèni | anèh lawan sasami | botên nyana yèn kasiku | yèn sêdya miringana | punapa dening nyêmoni | darmi Allah lawan darmi Rasulullah ||
34.013 kawula mangko punika | yèn èstua anyêmoni | samawana balilaa | tan layak wontên Matawis | botên layak sinandhing | yèn cêmêra raganingsun | layak dipun tumpêsa | dinamêl paran aurip | milanipun kang paman tur pêjah gêsang ||
34.014 kang garwa matur karuna | sêsambate mêlasasih | adhuh kawula sang nata | lêhêng pinêjahan dhingin | yèn pun paman ngawoni | tumpêsên nak putunipun | inggih dhatêng sumăngga | yèn darbea salah ati | sri narendra miyarsa nênggak kang waspa ||
34.015 angrês manahe sang nata | miyarsa aturing bibi | lan pangrêpane kang paman | manjêlut manah sang aji | mênggah sri narapati | dening èwêt manahipun | sadaya kang miyarsa | sagung kang para bupati | prêbêng-prêbêng sawênèh wus mêtu waspa ||
34.016 sang nata aris ngandika | mênggah-mênggah dènira ngling | ingkang botên-botên [[223] 303: botê...n-botên] paman | anggêga ujaring warti | pocapaning kang sêngit | angadon-adoni tutur | paman dados punapa | yèn anggugua pawarti | pan kawula botên rumaos yèn duka ||
34.017 anggoroh ingkang pawarta | wontên ujar kang kayèki | yèn darbea balilaa | mring paman kula bêndoni | edane kang awarti | kawula pan maksih maklum | nagari ing Mataram | ing benjing sapungkur mami | yèn manira sampun pinundhut Ywang Suksma ||
34.018 wus parentahing Hyang Suksma | kang kinarya madêg aji | anggêntèni ing manira | pinasthi tan kêna gingsir | ing benjing akir mami | pasthi lamun putraningsun | ujar ingkang acêtha | anging ta dede ing ngriki | Wanakarta kadhatone kaki putra ||
151–152 dari 257

 


konjêm. (kembali)