Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
35 dari 55
154–155 dari 257
1.536–1.545 dari 2.562
35.018 Wirarêja sigra aningali | mring ni rara langkung ayunira | mung kapalang maksih lare | Ki Wirarêja muwus | lah ing dawêg kawula irid | marêk dhatêng sang nata | pawèstri kang ayu | tan layak wontên ing jaba | sigra mangkat Wirarêja aglis prapti | kandhêg ing wijil pisan ||
35.019 sampun katur dhatêng sri bupati | kang utusan ngulari wanudya | angsal nanging maksih lare | èstri sigra pinundhut | tiningalan mring sri bupati | sri narendra karênan | sakalire pêthuk | cuwane sri naranata | pan wanudya kapalang durung birai | sang nata angandika ||
35.020 marang Nyai Wirarêja aris | lah gawanên mulih wismanira | lare kulihêna wangke | besuk yèn mangsanipun | èstri iku sêdhêng birai [[228] 308: bira...i] | besuk age lêbokna | sigra awotsantun | Wirarêja sigra mêdal | sang dyah rara pan sampun binakta mulih | marang Kawirarêjan ||
35.021 ênêngêna ingkang sampun mulih | Nyai Wirarêja praptèng wisma | wontên kang winarna malèh | anênggih garwanipun | Jêng Pangeran Asingasari | samana kacarita | ulah lambang santun | lawan jêng pangran dipatya | malah asasêcan dènnya lambangsari | lan pangeran dipatya ||
35.022 pan mangkana prasêtyanirèki | pangran dipati mring sang kusuma | lah iya besuk ing têmbe | yèn ingsun madêg ratu | aywa sira sumêlang ati | pasthi ing besuk sira | sun jênêngkên ratu | iku yayi èstokêna | nanging kang garwa Pangeran Singasari | samana lirwèng ujar ||
35.023 apan adarbe rarêmên malih | radèn ayu ingkang rinêmênan | Radèn Dhobras kêkasihe | dadi alambang santun | lawan Radèn Dhubras anênggih | Radèn Dhubras punika | apan arinipun | kang ibu pangran dipatya | dahat duka samana pangran dipati | dèn sêtyai ngoncatan ||
35.024 apan malih Pangran Singasari | apan sangêt ing dukanira |[1] dening ing wau garwane | pan olah lambang santun | lawan Radèn Dhubras anênggih | nanging pangran dipatya | samana pan durung | kuwanguran jroning nala | lambang sari lan garwanira kang rayi | kapalang ingoncatan ||
35.025 mila tan taha pangran dipati | dènnya ngling mring Pangran Singasêkar | mangkana pangandikane | adhi kaya pa iku | de rabinya alambang sari | lawan si paman ika | kaya pa sirèku | sanadyan iku si paman | yèn alate kade [[229] 309] piyangkuh tan bêcik | lêwih ing karsanira ||
35.026 nuntên Radèn Dhubras dèn apusi | dhatêng pangeran ing Singasêkar | mring kêbon alas puruge | sapraptaning ing ngriku | Radèn Dhubras dipun pêjahi | gènnya ambuwang tilas | linêbêtkên sumur | nulya tinanêman pisan | pan sinamun marmane iku katitik | wong dèrès kang uninga ||
35.027 wus prêmana gènnya angsal titik | nulya sigra pan ginrudugan |[2] anulya dhinudhuk age | wadya kèh kang andhudhug[3] | duk kapanggih kang punang jisim | marêngi ingkang arga | Marapi gumludug | kang jisim sampun pinêtak | kawarnaa kang ardi anggêgirisi | swara kadi rubuha ||
154–155 dari 257

 


Kurang satu suku kata: apan asangêt ing dukanira. (kembali)
Kurang satu suku kata: nulya sigra apan ginrudugan. (kembali)
andhudhuk. (kembali)