Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
35–36 dari 55
155–156 dari 257
1.550–1.559 dari 2.562
35.032 jêng pangeran kalangkung dènnya jrih | mring kang rama manêku[1] angrêpa | yèn tinon kalairane | sakèhe kang andulu | padha angrês kang aningali | pangrêpane pangeran | kalangkung jrihipun | tan mătra tatraping putra | sri narendra kang putra tansah liniring | kadi mijil kang waspa ||
36. Mijil
36.001 angandika sang nata amanis | lah ta putraningong | sun tingali sira wus agêdhe | pan wus pantês sikêpa dak rabi | pan ing karsa mami | rabia nak ingsun ||
36.002 iya ingsun olih tingal bêcik | putri ing Carêbon | aprayoga iya ing warnane | lan maninge putraning bupati | amêngku nagari | padha trahing ratu ||
36.003 lamun sira panuju ing ati | marang tuduh ingong | tingalana sang putri warnane | lah mintara mring wisma dipati | ing Carêbon kaki | mangkata lah kulub ||
36.004 ingkang putra tumulya wotsari | dènnya mundur alon | jêng pangeran ambanjur lampahe | tan kawarna ing marga wus prapti | wismane dipati | pan sampun atêmu ||
36.005 Adipati Carêbon wus uning | atampi pasêmon | yèn pangeran dipati praptane | mring Carêbon anonton-nontoni | ing putrinirèki | dipati agupuh ||
36.006 sampun marêk sang raja pinutri | ayunira kaot | lampahira pan rada [[231] 311: ra...da] ginawe | sang dyah ayu tuhu yèn rêspati | wandane sawiji | rada wani kakung ||
36.007 jêng pangeran dipati ningali | manahira adoh | dening lanas sang putri tingale | datan kêna tinantang ing ati | manggihi têtami | dahat dening purun ||
36.008 wus waspada dènira ningali | tan ana karaos | ya ta têbih pangeran tingale | tan antara pangeran sigra mit | nulya sang dipati | ngatêrakên sampun ||
36.009 tan kawarna laminya ing mangkin | gantya winiraos | Wirarêja kucap gadhuhane | wus alawas amêpêg birai | ingkang saya adi | warnanira mancur ||
155–156 dari 257

 


manêkung. (kembali)