Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
35 dari 55
153–154 dari 257
1.526–1.535 dari 2.562
35.008 Mangunjaya garjita ing ati | pan anyipta sajroning wardaya | emut kalamun putrane | warnanipun apunjul | angluwihi ing wong sanagari |[1] angucap jroning nala | baya anak ingsun | pinasthi karsaning Suksma | yèn kapundhut mring narendra ing Matawis | baya ta wus katingal ||
35.009 Mangunjaya sigra dènira ngling | ing sang duta kawula sandika | sang nata satimbalane | kinèn pêpak sadarum | Surabaya sagung pawèstri | inggih pangraos kula | kadi botên antuk | kawula darbe atmaja | èstri ayu ing ngriki tan [[226] 306: ta...n] wontên mirib | andika tingalana ||
35.010 lamun botên kangge putra mami | èstri ing Surabaya sadaya | pan dipun pêpakna kabèh | utusan sigra muwus | sokur bage dika pribadi | darbe putra prayoga | kawula yèn wêruh | Mangunjaya sigra ngundang | mring putrane wayahe rumaja putri | nanging dèrèng diwasa ||
35.011 lagi jêbên kakêmbêning bayi | lagi sêdhênge birai sêkar | angedani sapolahe | ni rara sigra rawuh | mring ngarsane utusan aji | cahyane kadi wulan | ing purnamanipun | aturut ingkang salira | jarijinya arurus amucuk êri | sikil ana malira ||
35.012 Yudakarti jomblong pan ningali | Wăngsatruna malongo kiwala | angucap sajro kalbune | iki ta èstri ayu | sajêg ingsun urip puniki | pan durung sun tumingal | wanudya kayèku | baya wus karsaning Suksma | èstri iki layak kagarwa narpati | utusan sigra mojar ||
35.013 Mangunjaya manira ta iki | aningali marang putra dika | luwih prayoga ature | inggih dhatêng sang prabu | dening mangke ing karsa mami | putra dika katura | dhumatêng sang prabu | ing pasisir datan ana | èstri ingkang mèmpêra kadya puniki | ing sapaningal ingwang ||
35.014 Mangunjaya tumulya sigra ngling | pan kawula kalangkung sumăngga | tan rumaos pan adarbe | putra kawula niku | kaatura ing sang narpati | ing mangke kaparêngan | katur ing sang prabu | nadyan pêjah gêsang amba | datan ngraos kawula adarbe urip | kagungan sri narendra [[227] 307] ||
35.015 kang utusan kalih sigra angling | lah anêdha sami adandana | manira bubar ing mangke | wau ta dandan sampun | Mangunjaya sarayatnèki | anulya sigra bubar | ni rara tinandhu | tan kawarna lampahira | sampun prapta ing nagari ing Matawis | jujug ing Wirarêjan ||
35.016 Ki Ngabèi Wirarêja nênggih | pan kinarya lêlurah kapêdhak | Ki Yudabăngsa sisihe | Yudapati tumanduk | Wăngsatruna pan sampun prapti | matur mring Wirarêja | kawula pan antuk | pawèstri endah kang warna | atmajane Ki Mangunjaya anênggih | mantri ing Surapringga ||
35.017 kadi layak katur ing narpati | inggih punika kawula bakta | Mangunjaya sarayate | lanang wadon pan tumut | Wirarêja sigra dènnya ngling | iya sira undanga | manira asung wruh | Mangunjaya wus ingundang | sigra prapta mring dalême ki ngabèi | anak rabi binakta ||
153–154 dari 257

 


Lebih satu suku kata: angluwihi wong sanagari. (kembali)