Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
36–37 dari 55
158–159 dari 257
1.578–1.587 dari 2.562
36.028 apan iya mas putu dipati | kedanan wong wadon | pan sang nata sasêngkêranane | mangko payo padha labuh pati | kang garwa nuruti | kinanthi kang putu ||
37. Kinanthi
37.001 sang adipati amuwus | saosa tandhu lan jali[1] | kang kinèn sigra lumampah | tandhu joli wus cumawis | sang adipati lumampah | kang para garwa angering ||
37.002 para garwa nitih tandhu | pawongan lumampah sami | tan kawarna lampahira | Ki Wirarêja wus prapti | kang tunggu lawang tumingal | yèn Ratu Pêkik prapti |[2]|
37.003 pan sampun katur puniku | Ki Wirarêja agipih | amêthuk nèng paregolan | mêndhak sarwi atur bêkti | Ki Wirarêja turira | paduka pinarak mriki ||
37.004 sang adipati amuwus | Ki Wirarêja nak mami | praptaningsun iki uga | arsa tutur mring sirèki | inggih putra pêkênira | kae putu mas dipati ||
37.005 pan ing mangke agung wuyung | sadhatênge saking ngriki | ing mangke karsa manira | yèn sêmbada mring sirèki | gêgadhuhan [[234] 314: gêgadhuh...an] pêkênira | rara kênya ingkang adi ||
37.006 pan ing mangke ta puniku | sun jaluk tambaning agring | yèn ana dukaning nata | katêmua awak mami | sanadyan têmah apêjah | manira angêlabuhi ||
37.007 Ki Wirarêja amuwus | punika panêdha mami | sampeyan adarbe karsa | amundhut dhatêng pawèstri | kawula dahat lênggana | ajrih dhatêng sri bupati ||
37.008 punika pan sampun katur | mila ginadhuhkên mami | rumiyin dèrèng diwasa | ing mangke sampun birai | pan anganti kalamăngsa | benjing katur ing narpati ||
37.009 paduka pan arsa mundhut | dhumatêng èstri puniki | dados punapa kawula | katura dhatêng sang aji | mendahane ingkang duka | kawula dipun pêjahi ||
158–159 dari 257

 


joli (dan di tempat lain). (kembali)
Kurang satu suku kata: yèn Ratu Pêkik aprapti. (kembali)