Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
37 dari 55
161–162 dari 257
1.606–1.615 dari 2.562
37.028 iya sira putuningsun | aja sira walangati | yèn ana dukaning nata | manira ingkang naguhi | tumêka ing lara pêjah | manira ingkang nglabuhi ||
37.029 ingkang wayah matur nuhun | sarwi sira awotsari | Pangeran ing Surabaya | angling putu ingsun mulih | pan karia têmantenan | sigra kudur sang dipati ||
37.030 sampun rawuh dalêmipun | kawarnaa ingkang kari | rajaputra ing Mataram | anulya nambut sang dèwi | binakta marang paprêman | sang dyah ayu pongah-pangih ||
37.031 raja pinutra angungrum | mas mirah ta ingsun gusti | kawula atur uninga | lami kawula ningali | wong ayu marang ing sira | tan kêna dhahar lan guling ||
37.032 andina-dina gung wuyung | amung sira kang kaèsthi | ing mangko rumăngsa gêsang | apanggih lan sira gusti | pan kadi katiban wulan [[237] 317] | sêdhênge purnama sidhi ||
37.033 sang dyah ayu aris matur | manawi botên sayakti | sampun wataking wong priya | yèn darbe karsa mring èstri | lamun dèrèng kalampahan | basanipun sanggub asih ||
37.034 yèn katutugan ing kayun | aglis mungkure tan sipi | punika kawula mirsa | lumrah ujaring pawèstri | wataking priya mangkana | pilih kakung kang sayakti ||
37.035 angandika rajasunu | adhuh ariningsun gusti | bênêr kaya ujarira | katêmu ujaring jalmi | yèn mungguh ingsun mas mirah | têka andêlên mas yayi ||
37.036 muga timbila sagênuk | yèn ingsun cidra mas gusti | kithinga tanganku kiwa | tumulya angling sang dèwi | ping kalih atur kawula | rêraga kawula gusti ||
37.037 rumiyin pan sampun katur | dhatêng rama paduka ji | dene ing mangke paduka | akarsa dhatêng ing kami | manawa duka sang nata | kawula dipun pêjahi ||
161–162 dari 257