Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
37–38 dari 55
162–163 dari 257
1.619–1.628 dari 2.562
37.041 yakti ingsun mati wuyung | yèn sira tan anjampèni | yakti sun pêjah angarang | yèn sira tan tulus asih | sang kakung sira[1] ngrarêpa | sang [[238] 318] dyah ayu wus kagingsir ||
37.042 kagunturan ing pangrungrum | sang dyah sampun angladosi | sang kakung nêkakkên karsa | atutug kang karon rêsmi | sarêng wayah byar raina | sampun bêdhah kitha Mêsir ||
37.043 tan kawarna laminipun | rajaputra langkung asih | kalihe sami katrêsnan | ri sampuning lami-lami | sang nata andangu sang dyah | katur yèn sampun apanggih ||
37.044 kalawan sang rajasunu | mila kalampahan panggih | Pangeran ing Surabaya | punika kang anaguhi | sang nata kalangkung duka | mirsa sang lir gêndhis panggih ||
38. Dhandhanggula
38.001 sri narendra kalangkung aruntik | mring kang paman Pangran Surapringga | kumêjot padon lathine | Sri Narendra Matarum | pan saya kagugu rumiyin | duk Pangran Surabaya | kala atur-atur | sarta bakisar mring nata | sri narendra dukanira anêkani | mring Pangran Surabaya ||
38.002 malah sampun pangran dèn têlasi | apan lawan anak putunira | wong patang puluh kathahe | kang tinêlas ta wau | dene sira Narendra Matawis |[2] sadaya ngêmu waspa | sakèh kang andulu | dening ta datanpa dosa | kawarnaa Kyai Wirarêja mati | dinukan mring sang nata ||
38.003 kinesahkên kang anak lan rabi | pan dinèkèk nagri Pranaraga | lami-lami têmahane | Wirarêja puniku | pinêjahan dening sang aji | wau kangjêng pangeran | dipati cinatur | dinukan dhatêng kang rama | sri narendra pan sangêt dènira runtik | timbalanya mangkana ||
38.004 timbalana pangeran dipati | Si Oyi iku [[239] 319] dèn patènana | ywa dèn tanganana dhewe | yèn tan kalakon iku | sayaktine si adipati | pan dudu anak ingwang | sapamirsanipun | pangran timbalaning rama | sakalangkung asakit sajroning galih | ni rara gya pinatyan ||
38.005 anèng pangkon cinublês pribadi | pêjahira sang rara punika | Ki Mangunjaya anake | ri sampun ta puniku | jêng pangeran dipati aglis | tinundhung mring Lipura | saking dalêmipun | ing kadipatèn samana | jinarahan èstrinipun dèn boyongi | linêbêtkên ing pura ||
38.006 miwah rajabrana apan ênting | jinarahan tan wontên kantuna | punapa dening dalême | sakadipatèn lêbur | apan têlas dipun obongi | tan winarna laminya | dhawuhi babêndu | pangeran wus ingapura | de sang nata wus tinêtêpakên malih | ing dalêm kadipatyan ||
162–163 dari 257

 


sigra. (kembali)
Lebih satu suku kata: de sira narendra Matawis. (kembali)