Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
38 dari 55
168–169 dari 257
1.675–1.684 dari 2.562
38.053 apan misih anèng ing Matawis | sira Ngabèi ing Pajarakan | mila suwung nagarane | ya ta ingkang winuwus | Sri Narendra Natèng Matawis | pan lagya siniwaka | wau jêng sinuhun | pêpak ingkang para putra | myang santana satriya para prajurit | andhèr anèng paglaran ||
38.054 ingkang munggwing ngarsaning narpati | Pangran Dipati Anèm Mataram | ajajar lawan arine | Pangeran Singasantun | lawan Pangran Pugêr anênggih | Pangeran Martasana | ingkang munggwing ngayun | anuli para santana | Jêng Pangeran Purbaya samya anangkil | Jêng Pangran Pringgalaya ||
38.055 lawan Radèn Tumênggung Matawis | lawan sira Jêng Pangran Balitar | Wiramênggala jajare | Wiratmaja nèng pungkur | Dyan Prawiratruna anangkil | lawan Panji Karsula | Wirakarti ngayun | Tumênggung Mangunnagara | samya pêpak para Bupati Matawis | andhèr ing pagêlaran [[249] 329] ||
38.056 wadanane wong măncanagari | Darmayuda sira Pasuruhan | apan ta wau apepe | anèng waringin kurung | sakancane para bupati | Ngabèi Prabalingga | lawan jajaripun | Naladika ing Caruban | Wirasaba Ki Ngabèi Wiragati | Ngabèi Pajarakan ||
38.057 Ki Ngabèi Gêmbong Wăngsagati | tiyang măncanagara sadaya | nèng waringin kurung pepe | kapirsa mring sang prabu | angandika Natèng Matawis | sapa kang pepe ika | nèng waringin kurung | umatur Pangran Purbaya | inggih abdi paduka sri narapati | Ngabèi Darmayuda ||
38.058 sakancane ing măncanagari | sami pepe nèng waringin kêmbar | sri naranata dêlinge | marang gandhèk pangayun | timbalana mring ngarsa mami | tiyang gandhèk agêpah | lampahe lumayu | nimbali Ki Darmayuda | sakancane agêpah kang dèn timbali | lumayu mêmêdhapan[1] ||
38.059 prapta ngajêngan sri narapati | mukanira konjêm ing pratala | kang sowan sumuyut kabèh | angandika sang prabu | apa sira pèpèkkên kami | Darmayuda tur sêmbah | kawula anuhun | ngaturakên pêjah gêsang | Darmayuda tiwas pan têngga nagari | ing tampingan brang wetan ||
38.060 wontên mêngsah Makasar nginggahi | watawise wontên kalih nambang | pun Galengsong pangajênge | langkung dening arusuh | angrêrayah ing têpis wiring | nagari Pajarakan | kang rinayah gêmpur | abdi dalêm mapuyêngan | kang abăngga apan sami dèn pêjahi | ingkang nutub rinayah ||
38.061 risak abdi dalêm têpis wiring | nênggih tiyang Makasar punika | wontên [[250] 330: wo...ntên] Dêmung panggêdhene | kawula nuwun bêndu | kadospundi karsa narpati | sang nata ing Mataram | angandika arum | yèn mangkono Darmayuda | lah sakèhe iya wong măncanagari | nuli padha muliha ||
38.062 alah sira papaga tumuli | ingkang mungsuh Makasar punika | brang wetan kêrigên kabèh | angluruga mring Dêmung | lah sun wèhi sira tatêndhih[2] | Si Karsula miyanga | nindhihana laku | prange wong măncanagara | anggawaa lah sira mantri panumping | wong sèwu numbakanyar ||
168–169 dari 257

 


mêmêndhapan. (kembali)
tatindhih. (kembali)