Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
39–40 dari 55
171–172 dari 257
1.703–1.712 dari 2.562
39.016 ing mangke rêmbag kawula | Ănggajaya dadi pangawat kering | anindhihana ing laku | wong Jipang lan Balora | ing Kaduwang Pamagêtan lan Madiun | ing Warung lan Garobogan | dadia pangawat kering ||
39.017 dene kakang Darmayuda | anèng kanan kang dadia têtindih | dèn sami prayitnèng kewuh | kang dipun tindhihana | wong garêsik punika sawarnènipun | Sarêngat lawan Balitar | Prabalingga lan ing Bangil ||
39.018 kang dadi cucuking tingal | wong Kadhiri lawan wong Pranaragi | Wirasaba kanthinipun | lawan wong Kartasana | benjing têmah aja na mundur ing kewuh | yèn ana mundur ing rana | sun sosok têka ing wuri ||
39.019 manira kang dadi dhadha | sun akanthi iya mung wong Matawis | sadaya sami arêmbug | sakèh para dipatya | enjing bubar kang bala umyung gumuruh | asrang lan kriciking watang | kadi udan sinêmèni ||
39.020 untabing punang gêgaman | yèn sinawang kadi prawata sari | swarane bala gumuruh | ing rowang kadi gêrah | kang gêgaman awarna-warna dinulu | kadya wukir kawêlagar | tanpa wilangan kang baris ||
39.021 datan kawarna ing marga | nagri Japan samana sampun prapti | atatan-tatan akumpul | sami prayitnèng baya | wus atata sigra laju lampahipun | sigra ngatêp[1] ing ayuda | kang wadya kagiri-giri ||
39.022 ya ta wau kawarnaa | wong Makasar sampun midangêt warti [[254] 334] | yèn wong Mataram arawuh | kêrigan wong brang wetan | pan sumêdya amapag marang ing Dêmung | wong Makasar amêlatar | tan sêdya mundur ing galih ||
40. Durma
40.001 wong Mêkasar wus kukuh bêbitingira | balowarti wus inggil | wus prayitnèng baya | wêtara kalih nambang | wong Mêkasar anginggahi | wana kêkitha | anèng Dêmung wus rakit ||
40.002 Ja Galengsong sineba dening kang bala | miwah ingkang prajurit | lan kang pra santana | ingkang sami katrêsnan | ingkang ngêtutakên maksih | samya prawira | tate amangun jurit ||
40.003 Raja Glengsong angandika mring santana | aran Dhaèng Makincing | lah kapriye bapa | wartane wong Mêtaram | ing wartane êmèh prapti | apan sumêdya | anggêcak marang mami ||
171–172 dari 257

 


ngantêp. (kembali)