Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
39 dari 55
170–171 dari 257
1.696–1.705 dari 2.562
39.009 lagya apamit ing garwa | para putra nangis samya bondhèti | apan sami kêdah tumut | ing rama mangun yuda | ingkang rama datan suka tansah ngimur | mring putra myang para garwa | Panji Karsula mangkya ngling ||
39.010 lah uwis padha karia | dèn abêcik iya sapungkur mami | kaya ingsun ora mantuk | yayi pangrasaningwang | lamun ingsun yayi tumêka ing lampus | ingsun titip putranira | dening iku maksih alit ||
39.011 kang garwa matur karuna | mila dika kiyai andarbèni | pangandika kang kayèku | dening sumêdya ngawula |[1] mugi dika tulusa ngong awu-awu | nora bisa angawula | liyane saking kiyai ||
39.012 Panji Karsula ngandika | apan uwis karasèng jroning ati | inggih mungsuh ingkang rawuh | kalangkung dening awrat | apan ingsun pinitayan ing sang prabu | ingsun kinèn nindhihana | prange wong măncanagari ||
39.013 yèn tan ngêntasana karya | pasthi ingsun yayi pan wirang mulih | tan kawarna solahipun | samana sampun bubar | kang tinilar sami karuna gêng wuyung | sira Ki Panji Karsula | bubar kang bala angiring ||
39.014 pan wong sèwu numbakanyar | wong Bumija kalawan wong panumping | gêgaman abra dinulu | kadi prawata sêkar | tan kawarna ing taji pan sampun rawuh | têmpuh gêgaman Mataram | kalawan măncanagari ||
39.015 pêpakan para niyaka | sakèh măncanagara rêmbag pikir | Panji [[253] 333] Karsula amuwus | nêdha sami arêmbag | sampun wontên apradudonaning laku | lah nêdha pinatah-patah | pangawat kiwa lan kering ||
39.016 ing mangke rêmbag kawula | Ănggajaya dadi pangawat kering | anindhihana ing laku | wong Jipang lan Balora | ing Kaduwang Pamagêtan lan Madiun | ing Warung lan Garobogan | dadia pangawat kering ||
39.017 dene kakang Darmayuda | anèng kanan kang dadia têtindih | dèn sami prayitnèng kewuh | kang dipun tindhihana | wong garêsik punika sawarnènipun | Sarêngat lawan Balitar | Prabalingga lan ing Bangil ||
39.018 kang dadi cucuking tingal | wong Kadhiri lawan wong Pranaragi | Wirasaba kanthinipun | lawan wong Kartasana | benjing têmah aja na mundur ing kewuh | yèn ana mundur ing rana | sun sosok têka ing wuri ||
170–171 dari 257

 


Lebih satu suku kata: dening sêdya ngawula. (kembali)