Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
31 dari 55
123–124 dari 257
1.227–1.236 dari 2.562
31.012 kang aseba ngapit kanan kering | wong kapêdhak ing wuri sang nata | gêdhong lan pamajêgane | lirna kapêdhak agung | Jagabaya ing kanan kering | sisih wong Angkraknyana | pinilih sumambur | Kartiyasa Wisamarta | lan wong magang Yudamanggala anangkil | katanggung jajarira ||
31.013 Wirabraja aseba asisih | Brajanala lawan Patrayuda | kanoman ika jajare | gandhèk seba ing ngayun | mantri anom rada kapering | lan Wăngsanagara |[1] sisih Martalulut | Margăngsa gowong ajajar | Suranata kapering rada kawuri | niyaga wingking wetan ||
31.014 myang wong gamêl ing ngarsa kapering | pan punika anikil[2] sadaya | pra bupati ngarsa kabèh | santana sêpuh-sêpuh | Jêng Pangeran Purubayèki | Pangran Silarong ika | jajare alungguh | lan Pangeran Pringgalaya | Têpèngsara Prawiratruna anangkil | Pangeran Martapura ||
31.015 Adipati Pugêr pan anangkil | jajarira Pangeran Balitar | Dipati Mangkubumine | lan Wiramanggalèku | Têpasana Sebajayèki | lawan Kusumayuda | Dêmang Malangipun | lan Radyan Wiranagara | Wirasari kalawan Wiramaantri | Radyan Wiradipura ||
31.016 pan punika santana narpati | pan akathah ingkang kalangkungan | saking cupête budine | Tumênggung Singaranu | kang sumambung santana aji | sadaya pan jajarnya | pêpakan supênuh | numbakanyar sinambungan | wong pasisir sadaya samya anangkil | miwah măncanagara [[183] 263] ||
31.017 ingkang sadhèrèk sri narapati | Jêng Pangeran Arywa wastanira | Danupaya pamomonge | ajajuluk tumênggung | Jêng Pangeran Ariya nênggih | dawêg kumala-kala | ika wayahipun | nanging dèrèng mawi krama | pan wus nangkil munggwing ngarsane narpati | jajar lawan santana ||
31.018 angandika sang sri narapati | hèh sakèhe wong ingsun Mataram | padha anyandhaka kabèh | ing mangke karsanisun[3] | kitha arta ingsun alihi | akarya kitha bata | palèrèt ta ingsun | satilase kangjêng rama | datan purun ingsun arsa sun ingsêri | karya yasa priyăngga ||
31.019 lan maninge ingsun mirsa warti | Balambangan ing mêngko rinêmbat | marang wong Bali wartane | iya Si Tawangalun | wus angidhêt[4] marang wong Bali | lah uwa Purubaya | dika kula tantun | kadipundi solah dika | botên sagêt yèn lampahana tumuli | uwa dika pikira ||
31.020 Jêng Pangeran Purubaya angling | yèn suwawi dawêg linampahan | kinawonakên jurite | lamun kawon kinilun | binoyongan aja na kari | măngsa wande punika | anggèr dados mungsuh | sri narendra angandika | sapa sintên uwa yogyane tinuding | anglurug Balambangan ||
31.021 Adipati Purubaya angling | botên kenging yèn kula matura | langkung karsa nah ing anggèr | angandika sang prabu | lah ta Wiraguna sirèki | sira pan adandana | sira sun kon nglurug | Si Tumênggung Danupaya | rowangira angirida wong Matawis | lan wong măncanagara ||
123–124 dari 257

 


Kurang satu suku kata: lawan Wăngsanagara. (kembali)
anangkil. (kembali)
karsaningsun. (kembali)
angidhêp. (kembali)