Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
31 dari 55
124–125 dari 257
1.233–1.242 dari 2.562
31.018 angandika sang sri narapati | hèh sakèhe wong ingsun Mataram | padha anyandhaka kabèh | ing mangke karsanisun[1] | kitha arta ingsun alihi | akarya kitha bata | palèrèt ta ingsun | satilase kangjêng rama | datan purun ingsun arsa sun ingsêri | karya yasa priyăngga ||
31.019 lan maninge ingsun mirsa warti | Balambangan ing mêngko rinêmbat | marang wong Bali wartane | iya Si Tawangalun | wus angidhêt[2] marang wong Bali | lah uwa Purubaya | dika kula tantun | kadipundi solah dika | botên sagêt yèn lampahana tumuli | uwa dika pikira ||
31.020 Jêng Pangeran Purubaya angling | yèn suwawi dawêg linampahan | kinawonakên jurite | lamun kawon kinilun | binoyongan aja na kari | măngsa wande punika | anggèr dados mungsuh | sri narendra angandika | sapa sintên uwa yogyane tinuding | anglurug Balambangan ||
31.021 Adipati Purubaya angling | botên kenging yèn kula matura | langkung karsa nah ing anggèr | angandika sang prabu | lah ta Wiraguna sirèki | sira pan adandana | sira sun kon nglurug | Si Tumênggung Danupaya | rowangira angirida wong Matawis | lan wong măncanagara ||
31.022 lah Tumênggung Mataram [[184] [264]: Matara...m] sirèki | angirida pasisir sadaya | mêtua laut jurite | nanging ta putraningsun | Ki Dipati Sampang sirèki | aja milu ayuda | iku karsaningsun | anging ta sira tuduha | para mantri sapa ta ingkang prayogi | matur Dipati Sampang ||
31.023 sampun jêngkar sang nata tinangkil | wus malêbêt anèng dhatulaya | warnanên para mantrine | Tumênggung Singaranu | angundhangi mring wong Matawis | padha sira nyithaka | palèrèt gènipun | pan sampun nyithak sadaya | kawarnaa Tumênggung Wiragunèki | sampun sami adandan ||
31.024 miwah pasisir măncanagari | ingutusan kinèn asaosa | wus ajangji patêmone | Ki Wiraguna sampun | sakancane anuwun pamit | nanging tan winiyosan | dening sang aprabu | akinèn bubar kewala | sigra bubar Tumênggung Wiragunèki | Tumênggung Danupaya ||
31.025 sakancane pan sampun lumaris | Ki Tumênggung wau Wiraguna | Ki Danupaya rewange | dening kyai tumênggung | ing Mataram marang pasisir | kinèn anjênêngana | kang ajaga laut | wadya pasisir sadaya | nanging Adipati Sampang tan umiring | maksih anèng Mataram ||
31.026 tan winarna laminya ing mangkin | ingkang nglurug datan cinarita | akarya pan sampun akèh | kinarya bata sampun | wong Mataram anambut kardi | ênêngêna samana | agantya winuwus | Pangeran Arywa winênang | duk pinarêk ing dalêmira siniwi | Tumênggung Pasisingan ||
31.027 marêk dhatêng Pangeran Arywa di | anakira aran Agrayuda | amung punika rewange | Kya Pasingsingan matur [[185] [265]] | kadipundi paduka gusti | dening kèndêl kiwala | kawula nênuhun | ing mange punapa karsa | raka dika sampun jumênêng narpati | sampeyan têka eca ||
124–125 dari 257

 


karsaningsun. (kembali)
angidhêp. (kembali)