Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
31 dari 55
122–123 dari 257
1.216–1.225 dari 2.562
31. Dhandhanggula
31.001 kala samana dèn sangkalani | bujăngga manggih wisiking nata | poma èngêtêna kabèh [[180] 260] | wadya pan sampun rawuh | ing pasowan atata linggih | pêpak wadya ing Mataram |[1] anèng alun-alun | pan samya arêrêmbagan | kang jumênêng narendra anèng Matawis | mantri pêpak sadaya ||
31.002 kawarnaa wau sri bupati | Purubaya wus anèng paseban | alinggih nèng paglarane | pangandikanya asru | wong Mataram wruhanirèki | nagara ing Mataram | ingsun kang jêjuluk | ora nanane sang nata | iya ingsun kang parentah ing Matawis | sapa ingkang malanga ||
31.003 têkakêna ing karosannèki | sakathahe santana Mataram | ingsun mungsuhira mangke | pra santana tumungkul | pra dipati prasamya ajrih | mantri wêdi sadaya | tan ana kang purun | mring Pangeran Purubaya | sami anut tan ana suwalèng budi | datan lêngganèng karsa ||
31.004 Adipati Purubaya angling | ingkang putra anulya ingangkat | Pangran Arya Matarame | linênggahakên sampun | ing dhêdhampar gadhing rinukmi | kasur babut sinulam | linênggahan sampun | Jêng Pangeran Purubaya | sigra lèngsèr pinarak lan pra dipati | kagyat para santana ||
31.005 sakathahe mantri ing Matawis | nora nyana yèn Pangran Purbaya | mêngko karsane samene | dadya sangsaya takut | sakathahe mantri Matawis | sami ngangkat sadaya | tan ana kang nyandhung | para santana sadaya | tuwa anom sadaya sami ngèstrèni | dhatêng sri naranata ||
31.006 Dhatuk Sarip miwah para alim | myang pandhita ngèstrèni sadaya | pangulu lawan kêtibe | donganipun jumurung [[181] 261: jumu...rung] | yèn Pangeran Arya Matawis | jumênêng ing Mataram | amêngku kadhatun | jumênêng Kanjêng Susunan | Amangkurat Senapati Tanah Jawi | jêjuluk Ngabdhurrahman ||
31.007 Sayidina Nata ing Agami | wong Mataram pan otêr sadaya | miwah pra dipati kabèh | măncanagara takut | wong pasisir prasamya ajrih | tan winarna laminya | dènnya madêg ratu | ing Mataram bangun karta | wus kasusra ing tanah sabrang narpati | ratu tanpa sisihan ||
31.008 tan winarna laminya ing mangkin | sri narendra arsa siniwaka | ing dina Soma mangsane | upacara wus mêtu | sri bupati anulya mijil | ginarbêg ing badhaya | kèhnya pitung puluh | sami lumampah nèng ngarsa | sami ngampil upacaranira asri | banyak mas lan menthok mas ||
31.009 kêkacu mas lawan sawunggaling | kang capuri gandhèk anèng ngarsa | ardawalika jajare | waos ampilanipun | samya ngapit ing kanan kering | pêdhang lawan sarampang | parêk lan sang prabu | magêrsarine akapang | tawok tulup panah pêdhang tamèng tamsir | amyang kang tumbak sulam ||
31.010 priyantaka munggwing ngarsa têbih | saragêni ajajar ratarap[2] | kêkadha ngapit margane | sang prabu wus tumurun | ing satinggil lampahnya aris | dhatêng bangsal witana | pagêlaranipun | wus pinarak nèng dhêdhampar | sri narendra citranya tuhu apêkik | watêk prabu taruna ||
122–123 dari 257

 


Lebih satu suku kata: pêpak wadya Mataram. (kembali)
atarap. (kembali)