Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
31 dari 55
125–126 dari 257
1.247–1.256 dari 2.562
31.032 lan malihe kawula akait | lawan mantri Mataram sasigar | inggih kang sami kajênge | samangsane pukulun | jêng pangeran nindaki jurit | pasthi tumut sadaya | rencang sami rêmbug [[186] [266]: rêmbu...g] | kamanisên Pangran Arywa | Pasisingan pan aja tari mring mami | ingsun darma punapa ||
31.033 anaria mring lêlurah mami | pan jalukên lilahe sadaya | wong akèh apa karêpe | Pasisingan amuwus | mring lêlurah kang agêng alit | [...] | [...] | inggih lêrês jêngandika | sampun tita pangarêp-arêp kang asih | Susunan ing Mataram ||[1]
31.034 jêng pangeran angandika aris | yèn mangkono iku karsaningwang | nanging ta padha dèn rèrèh | sun raose rumuhun | pan maninge ana ngong anti | si bapa Danupaya | kang lunga anglurug | umatur Ki Pasisingan | kadar pintên angantosi wong satunggil | ing mangke kalamangsa ||
31.035 pan kawula inggih sapuniki | apan sampun dipun kira-kira | dening wong Mataram kabèh | winastanan anjunjung | mring paduka madêg narpati | yèn botên têmuntêna | pan kawula lampus | susunan sampun miyarsa | pan uninga yèn kawula salah ati | angangkat mring paduka ||
31.036 inggih kajêng kawula ta gusti | yèn alawan mila karsa tuwan | kawula prih silib bae | samăngsa-măngsanipun | katungkula wadya Matawis | kula amuk kewala | saking seban kidul | nanging gusti jêngandika | lamun wontên gègèr kabèh wong Matawis | tuwan sampun sulaya ||
31.037 jêng pangeran angandika aris | Pasisingan apa karêpira | ingsun têka dhèwèk bae | Pasisingan umatur | adhuh gusti sampun kuwatir | inggih dipun pracaya | kawula anuhun | ayun mantuk rêrêmbagan | Pasisingan anêmbah gya mundur aglis | mantuk mring wismanira [[187] [267]] ||
31.038 tan kucapa Singsingan ta iki | kawarnaa Pangeran Purbaya | lumêbêt kadhaton age | seba marang sang prabu | sampun prapta sajroning puri | angaturi uninga | ingandikan laju | sapraptanira ngajêngan | wus alênggah ing ngarsanira narpati | sang prabu angandika ||
31.039 inggih uwa punapa ta kardi | kadingarèn malêbêt ing pura | pangeran alon ature | kawula angsung wêruh | rayi tuwan Radèn Mas Alit | samangke ingadonan | kalih pun Tumênggung | Pasisingan ingkang ala | rayi dika pinrih purun ing narpati | angêrbat palênggahan ||
31.040 yèn tan nuntên pinapas tumuli | rayi dalêm pasthi kababaran | punika ing satêmahe | pun pasisingan baud | pasthi rayi paduka aji | dèrèng wruh ing wiweka | watêk maksih timur | ginunturan ing wong ala | pasthi dipun punika têka nuruti | amêngsah sri narendra ||
31.041 sri narendra kumêjot kang lathi | amiyarsa aturing kang uwa | duka sajroning manahe | dènnya ngandika asru | lah uwa ing karsa mami |[2] yèn têmên ingkang warta | iku karsaningsun | Si Tumênggung Pasisingan | pinatenan wiyahèn[3] yèn datan mati | pasthine dadi gêndra ||
125–126 dari 257

 


Kurang dua gatra: ke-6 (7a) dan ke-7 (6u). (kembali)
Kurang satu suku kata: lah uwa pan ing karsa mami. (kembali)
wiyahên. (kembali)