Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
31 dari 55
126–127 dari 257
1.256–1.265 dari 2.562
31.041 sri narendra kumêjot kang lathi | amiyarsa aturing kang uwa | duka sajroning manahe | dènnya ngandika asru | lah uwa ing karsa mami |[1] yèn têmên ingkang warta | iku karsaningsun | Si Tumênggung Pasisingan | pinatenan wiyahèn[2] yèn datan mati | pasthine dadi gêndra ||
31.042 jêngandika uwa benjing enjing | mêdalana karya patabatan | Pasisingan bubuhane | pan wus sami anambut | Pasisingan yèn sampun prapti | anuli sudukana | dening sirahipun | uwa katura maringwang | Jêng Pangeran Purubaya sigra amit | dhatêng sri naranata ||
31.043 Pangeran Purubaya wus mijil | saking pura gya mantri Mataram | sampun winangsitan kabèh | sami prayitna [[188] [268]] sampun | tan kawarna mantri Matawis | enjinge kang kucapa | pangeran wus mêtu | jêjênêngi mring patatan | wong Mataram eca dènnya nambut kardi | saprênah-prênahira ||
31.044 ênêngêna kang anambut kardi | Tumênggung Pasisingan winarna | wus rêmbug lawan putrane | kang nama Grayudèku | apan sampun winêling-wêling | lah poma kulub sira | ngaria karuhun | lan sakulawarganira | iya padha apadandana[3] tumuli | sakapraboning yuda ||
31.045 dening ingsun kulub kang rumiyin | ingsun anambut karya bêbata | ana paseban kidule | yèn wong bêbata iku | wana-wanane yèn uwus mulih |[4] dening ing mêngko sira | sun utusi iku | anuli sira praptaa | lan sagêgamanira aja na kari | sasampuning mamêkas ||
31.046 Tumênggung Pasisingan sira glis | sampun mangkat saking wismanira | prapta paseban kidule | praptane ki tumênggung | lampahira andingkik-dingkik | ngulap-ulap amawang | wong nambut karyèku | Jêng Pangeran Purubaya | wus uninga Pasisingan lagi prapti | pan sampun rinakitan ||
31.047 pan wus cêlak cinêluk amanis | Ki Tumênggung Sisingan dèn inggal | lah ta linggiha ing kene | sigra mlampah agupuh | Pasisingan prapta ing ngarsi | lampahe sigra-sigra | praptèng ngarsa lungguh | mantri sampun kinêjiban | sakathahe wus sami uningèng wasit[5] | nuli sami narajang ||
31.048 Pasisingan sampun dèn suduki | datan kongsi sagêd amalêsa | tan kongsi ngunus dhuwunge | Pasisingan wus lampus | ingkang ngiring ebat ningali | gya lumayu sadaya | wau murdanipun | Pasisingan wus tinigas [[189] [269]: ti...nigas] | gya jinambak kang murda sampun cinangking | pan sampun winadhahan ||
31.049 wus akatur dhatêng Sri Bupati | Purubaya saksana binakta | marêk ing sang prabu age | kang pura karsa iku | ênêngêna ingkang rumiyin | warnanên Agrayuda | anèng wismanipun | pun wus sinungan wruh ika | yèn kang rama sampun anêmahi pati | mastaka wus tinigas ||
31.050 apan pêjahe dipun suduki | Agrayuda anulya karuna | abela ngamuk karsane | gya ngrasuk busana wus | anyariga[6] kêris cinangking | sigra anitih kuda | nyandêr lampahipun | sarwi ngagêm waosira | kulawăngsa binêkta ngical ing margi | Grayuda kadhewekan ||
126–127 dari 257

 


Kurang satu suku kata: lah uwa pan ing karsa mami. (kembali)
wiyahên. (kembali)
apradandana. (kembali)
Lebih satu suku kata: wana-wanane yèn wus mulih. (kembali)
wangsit. (kembali)
anyuriga. (kembali)