Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
32 dari 55
133–134 dari 257
1.323–1.332 dari 2.562
32.026 jêng pangeran binabayang mring pagongan | sakèhe wong Matawis | ingkang angrêrămpa | sakathahing santana | atêbah jaja sarywa ngling | dhuh gustiningwang | wus karsaning Hyang Widhi ||
32.027 Jêng Pangeran Salarong [[199] 279: Sala...rong] sigra mariksa | apane ingkang kanin | katur bucêkira | pangeran angandika | pasthi iku lamun mandi | luwange saban | Si Setankobêr dhimin ||
32.028 sok tibaa pucuke agawe răndha | ênêngêna dipati | warnanên pangeran | layone wus binakta | marang ing bangsal pangapit | katur ing nata | duka yayah sinipi ||
32.029 nulya miyos kang ibu lawan sang nata | kang rayi dèn tangisi | pra êmban karuna | sêsambat amlasarsa | dhuh sultan dika tingali | têtilar dika | tan kêna dèn pituturi |[1]|
32.030 lah ing mêngko sira nêmahi pralaya | dhuh anak ingsun gusti | sira kaprawasa | mêngko lah kaya apa | sira nêmahi pribadi | Pangran Purbaya | asru dènira angling ||
32.031 lah ta sampun punapa kang rinasanan | wus karsaning Hyang Widhi | putra jêngandika | umure mung sapala | pan sampun dipun bêciki | pangran layonnya | warnanên sri bupati ||
32.032 angandika sang nata atungtum duka | sapa ingkang nangani | dene wong Mataram | têka lirakên wêkas | yayi mas kongsi ngêmasi | sigra Pangeran | Salarong atur bêkti ||
32.033 inggih dede wong Mataram kang tumandang | wong Sampang kang mêjahi | kang sami katrêsnan | ing gustine palastra | marmane supe ing gusti | sarêng narajang | radèn rinêbut wani ||
32.034 wong Madura kathah longe ingkang pêjah | pun adipati mati | ya ta sri narendra | suka sajroning nala | ariningsun maksih cilik | bela dipatya | mendah yèn [[200] 280: yè...n] wusa akir ||
32.035 angandika sang nata ing wadyanira | adhi mas sun belani | anulya pinêrang | baunira sang nata | pasah ludira wus mijil | nata ngandika | wus lêga ati mami ||
133–134 dari 257

 


Lebih satu suku kata: tan kêna dèn tuturi. (kembali)