Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
32 dari 55
130–131 dari 257
1.299–1.308 dari 2.562
32.002 lah ta uwa mangke yèn si adhi sida | pan inggih ngantêp jurit | ing karsa manira | saprayoganing lampah | nging aja tumêkèng pati | olèha pira | pêpati ing Matawis [[196] 276] ||
32.003 atusana èwun alêksan kêthèna | dèn amuk mring si adhi | aja na anglawan | dèn kêpunga kêwala | sun prih têkaa mariki | manawa kêna | sun pituturi ririh ||
32.004 sampun mijil Jêng Pangeran Purubaya | undhang wadya Matawis | miyarsa sadaya | ênêngêna samana | warnanên Radyan Mas Alit | sampun lumampah | sawadyanya angiring ||
32.005 jêng pangeran warnanira kadi babang[1] | mudhun saking ing ardi | anyamping samboja | paningsêt cindhe kêmbang | rasukan baludru wilis | murub rinenda | lancingan panji-panji ||
32.006 ajamang mas kinatipa tinatrapan | samaile rinakit | dhuwung anyuriga | Setankobêr wastanya | gumrudug lampahnyanèki | prapta ing ngarsa | gègère tan sinipi ||
32.007 jêng pangeran aris dênira ngandika | hèh sakèhing pawèstri | aja na kang obah | têka apêpasara | măngsa ngaraha pawèstri | pan karsaningwang | sira kang sun kukuhi ||
32.008 jêng pangeran wus prapta ing pangurakan | dangu dènnya anganti | mantri ing Mataram | kang sami asamaya | pangeran ngandika aris | hèh wong Mataram | padha angapirani ||
32.009 ing sanggupe samăngsa ingsun ngamuka | mingrê milu ing kami | mangko padha sigra | ya ta wong pangeranan | uninga yèn wong Matawis | citra[2] ngubaya | prasamya anglolosi ||
32.010 winantara mung kari wong kawan dasa | pangeran sigra angling | lah kaya ngapa |[3] pasthi sun undurana | pan wus karsaning Hyang Widi | sigra umangsah | arsa angamuk wani [[197] 277] ||
32.011 wong Mataram baris alun-alun aglar | nulya tinêmpuh wani | sing pinarak bubar | pan ora linawanan | mung bature kang kêpêncil | wong Danupayan | punika dèn patèni ||
130–131 dari 257

 


bambang. (kembali)
cidra. (kembali)
Kurang satu suku kata: lah ta kaya ngapa. (kembali)