Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
32 dari 55
133–134 dari 257
1.330–1.339 dari 2.562
32.033 inggih dede wong Mataram kang tumandang | wong Sampang kang mêjahi | kang sami katrêsnan | ing gustine palastra | marmane supe ing gusti | sarêng narajang | radèn rinêbut wani ||
32.034 wong Madura kathah longe ingkang pêjah | pun adipati mati | ya ta sri narendra | suka sajroning nala | ariningsun maksih cilik | bela dipatya | mendah yèn [[200] 280: yè...n] wusa akir ||
32.035 angandika sang nata ing wadyanira | adhi mas sun belani | anulya pinêrang | baunira sang nata | pasah ludira wus mijil | nata ngandika | wus lêga ati mami ||
32.036 ingkang layon jêng pangeran wus pinêthak | ing astana Magiri | dagane kang rama | pan kucaping carita | sang nata adarbe ciri | gèthèk baunnya | wêwasi kang rumiyin ||
32.037 dhuh Pangeran Silarong mring Balambangan | amatèni wêwasi | adarbe pratiknya | arsa malêsa pêjah | yèn ana Ratu Matawis | gèthèk baunnya | surub ingsun ing benjing ||
32.038 ênêngêna Mataram ingkang kucapa | kang kesah anglurugi | marang Balambangan | Tumênggung Wiraguna | lampahira sampun prapti | tapêl watêsnya | Pasuruan abaris ||
32.039 sakathahe pra mantri pêpak sadaya | miwah măncanagari | Kyai Wiraguna | kang dadi senapatya | asmaradana panumping | Ki Danupaya | sami mantri panumping ||
32.040 linggihipun apan tunggal lan santana | pan kinon angêmbani | mring Pangeran Arywa | kinèn milu ngluruga | pan sampun tata abaris | dyan kawarnaa | ing Balambangan nênggih ||
32.041 Balambangan pan sampun obah sadaya | wong Bali wus bantoni | pan sampun siyaga | sagamaning ayuda | wus mêdal saking nagari | ayunan-yunan | kalawan wong Matawis ||
32.042 Ki Tumênggung Wiraguna undhang-undhang | arsa angantêp jurit | ing dina Jumungah | sampun yitna sadaya | sampun praptèng têpis wiring | enjang kawarna | bêndhe munya tinitir ||
133–134 dari 257