Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
32 dari 55
137–138 dari 257
1.365–1.374 dari 2.562
32.068 wong Mataram samana sampun kelangan | dipatine satunggil | Ki Wiranagara | lumayu ngalor ngetan | palayune sipat kuping | mung bojonira | pinêlêng ngarsa ngili ||
32.069 wong Mataram prasami antuk bandhangan | panganggone kang mati | kêris tulup pêdhang | prajurite kang pêjah | prasamya dipun bêciki | ingkang prayoga | jisim binakta mulih ||
32.070 pan wong Bali Balambangan kinêthokan | ya ta kasaput wêngi | samya masanggrahan | sadalu pirêmbagan | pan samya arsa angungsi | mring kithanira | sampun lolos ing wêngi ||
32.071 Tawangalun kalawan Wiranagara | samya ngungsi mring Bali | Kyai Wiraguna | asru dènnya ngandika | angatag ing para mantri | amboyongana | wongmu aja na kari ||
32.072 wus lumampah sami bêboyong sadaya | wong Balambangan ênting | sami kinarakat | cacahe kang ginawa | sèwu limang ngatus nênggih | sarupanira | cacah êndhas winingis[1] ||
32.073 Ki Tumênggung Wiraguna wus miyarsa | warta saking Matawis | yon[2] Pangeran Arywa | sampun seda ing rana | angamuk ing sri bupati | pun Pasisingan | kang dadi setan bêlis ||
32.074 Ki Tumênggung Danupaya wus miyarsa | langkung dènira tintrim | pan sami karuna | sêsambate mlasarsa | dhuh pangeran gusti mami | sampun salaya | ingsun gawanên gusti ||
32.075 Ki Tumênggung Wiraguna ciptanira | yèn ingsun iki mulih | măngsa ta uripa | susunanku tan arsa | ngawulakkên marang [[205] 285] mami | nadyan matia | angur matia jurit ||
32.076 Ki Tumênggung Wiraguna rêrêmbugan | lawan mantri Matawis | lan Kacanagara | karsane ambaranjang | ambêdhah nagara Bali | wong Balambangan | ing Bali kang dèn ungsi ||
32.077 Tawangalun kalawan Wiranagara | padha ngungsi mring gusti | ginêcêk wasisan | nagri ing Balambangan | măngsa wande dados kardi | sampun mufakat | sakèh para bupati ||
137–138 dari 257

 


winilis. (kembali)
yèn. (kembali)