Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
33 dari 55
148–149 dari 257
1.472–1.481 dari 2.562
33.081 sampun katur mring narpati | pun paman ing Surabaya | umarêk dhatêng sang katong | nulya age tinimbalan | sapraptane ing ngarsa | cundhuk kalawan sang prabu | alênggah ayun-ayunan ||
33.082 Pangeran Surabaya ngling | matur dhatêng sri narendra | inggih dhumatêng sih katong | angaturakên bakisar | mila katur sang nata | dene endah warnanipun | purwanipun kang bakisar ||
33.083 ingkang bakisar puniki | pawèstri angsale kuna | sampun sawulan lamine | lami-lami dados lanang | warnanipun apelag | dhatêng sagêt akêluruk | mangke konjuka sang nata ||
33.084 sri narendra anampani | bakisar sarwi ngandika | anêdha ing pracayane | paman ing sih jêngandika | sri narendra asuka | nanging duka jroning kalbu | osiking naya mangkana ||
33.085 bisa nuksmèng agal alit | ing waweka sampun nêlas | graita landhêp pasêmon | Jêng Pangeran [[218] 298: Pangera...n] Surabaya | sampun kinèn mantuka | samana pan sampun mantuk | warnanên sri naranata ||
33.086 enjing sang nata tinangkil | pinarêk ing kamandhungan | maksih kagugu manahe | kang paman ing Surapringga | ngaturakên bakisar | pawèstri ing purwanipun | lami-lami dadi lanang ||
33.087 sang nata emut ing galih | wirayate ing Mataram | susunan panyênêngane | tan ana liyan maguta | lyan putra kang atuwa | patut ing Surabayèku | sri narendra angandika ||
33.088 marang sakèh para mantri | mantri ing lêbêt kewala | hèh sakèhing wadyaningong | si paman ing Surabaya | wingi awèh bakisar | pawèstri ing purwanipun | lami-lami dadi lanang ||
33.089 pangrasane ati mami | mapan Surabaya kaya | awèh sasêmon maringong | idhêp karêpe si paman | anake pan wanudya | ing mêngko wus asêsunu | putune pan mêtu lanang ||
33.090 anak ingsun ki dipati | mêngko pan sampun diwasa | pantês jumênênga katong | iku sêmune si paman | ingsun kinèn sèrèna | bakisar katur maringsun | pantês ana jroning pura ||
148–149 dari 257