Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
33 dari 55
149–150 dari 257
1.482–1.491 dari 2.562
33.091 ingsun pan kinèn gumingsir | putune kang jumênênga | mangkono iku sêmune | si paman ing Surabaya | dening anggege măngsa | wong atuwa nora patut | dening awya gege măngsa ||
33.092 sakathahe para mantri | langkung sami ajrihira | mirsa sang nata bêndune | nulya bubar sri narendra | malêbèng kênyapura | tan winarna laminipun | wong jêro kathah miyarsa ||
33.093 wus misuwur sanagari | Pangeran ing Surabaya [[219] 299] | sampun miyarsa wartine | yèn sang nata sangêt duka | marga saking bakisar | kalangkung ing ajrihipun | tinarka matur sêmonya ||
33.094 tanpa nyata tanpa ngimpi | darbea raos mangkana | sang nata salah tampane | wadya Pangran Surabaya | arsa marêk sang nata | atur pêjah gêsangipun | sarayatipun binakta ||
33.095 miwah ingkang para rabi | santana jalu wanudya | punika binakta kabèh | Pangeran ing Surabaya | sampun lumampah seba | pan ênêngêna karuhun | warnanên sri naranata ||
33.096 enjing sang nata tinangkil | dening mantri kulawarga | prasami pêpakan kabèh | pêpak andhèr pagêlaran | dening sri naranata | pinarêk ing sitiluhur | andhawuhkên pangandika ||
33.097 anjujung[1] namaning siwi | têtilare Ratu Wetan | Pangran Salarong namane | punika wawratan bêktan | kang rayi sinung nama | kang patut sangking sang prabu | nama Pangran Natabrata ||
33.098 kawarnaa Adipati | Surabaya sigra mangsah | karsanira ayun pepe | anak putune binakta | miwah kang para garwa | wus praptèng waringin kurung | sami asèlèh curiga ||
33.099 warata kathahirèki | anak putune sadaya | miwah lan para garwane | anênggih sawidak papat | Pangeran Surabaya | mangrêp-arêpa tumungkul | pan sampun asrah ing Suksma ||
33.100 mangkana sri narapati | pinarêk anèng dhêdhampar | kagyat ningali wong pepe | dening kathah tiningalan | wong ngêndi iki baya | nèng ngandhap waringin kurung | paran pinèpèkkên ika ||
149–150 dari 257

 


anjunjung. (kembali)