Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
44 dari 55
192–193 dari 257
1.918–1.927 dari 2.562
44.038 pamrihipun têtiyang pasisir | samya sebaa mring Trunajaya | Madurêtna Narpatine | wong Madura anggrêgut | ing Garêsik wus dèn anciki | suyud tan wani malang | tanapi Sadayu | apan ta sampun kabahak | wus kancikan tiyang Sadayu awingwrin | seba mring Surabaya ||
44.039 atanapi nagari ing Tubin | wus kancikan dening wong Madura | lan wong Makasar rewange | ing Tuban wus anungkul | nulya [[284] 364] ngrêmbag kang dèn anciki | ing Lasêm malorodan | sadaya sumuyud | ingkang băngga pinatenan | wong pasisir sadaya sami awingwrin | ingkang nutut katawan ||
44.040 samya binakta mring Surabanggi | wong Makasar sadaya Madura | kadya hèrnawa polahe | wong pasisir sumuyud | samya sowan mring Surabanggi | sira Raja Makasar | apan ta wus kêmbul | lawan Radèn Madurêtna | kawarnaa sira pangeran dipati | anom ingkang lumampah ||
44.041 ing Japara samana wus prapti | samya mondhok nèng sajroning kitha | lwir grah kapitu swarane | pangran dipati wau | masanggrahan griyanirèki | Ngabèi Wăngsaprana | Pangran Singasantun | mondhok sakiduling pura | Dyan Pangeran Prubaya pondhokannèki | wontên ing kasantosan ||
44.042 dening Pangeran Balitar nênggih | sami mondhok nèng Banyularangan | Pangran ing Sampang pondhoke | jawining kitha iku | wong pasisir brang kilèn prapti | kapanggih ing Japara | Kêndhal Kaliwungu | ing Batang lan Pakalongan | ing Barêbês Pamalang lawan ing Têgil | tanapi ing Samarang ||
44.043 lan ing Dêmak sarêngira prapti | tiyang Kudus Pathi lan Juwana | pêpak Japara ing gone | sampuning tigang dalu | kawarnaa pangran dipati | prasamya rêrêmbagan | lan kang eyang wau | Pangeran ing Purubaya | apêpakan para santana Matawis | miwah para dipatya ||
44.044 miwah Pangeran ing Singasari | Pangran Balitar Pangran ing Sampang | pangran dipati dêlinge | marang kang eyang wau | kadipundi eyang kang warti | inggih tiyang Madura | lan Makasar wau | matur Pangran Purubaya [[285] 365: Puru...baya] | wartinipun ing Sampang anunggil baris | kalawan wong Makasar ||
44.045 wong pasisir ing brang wetan nênggih | samya sowan dhatêng Surapringga | mring Trunajaya suyude | ing Singayun kakêlun | ing Garêsik miwah ing Tubin | ing Rêmbang Pajangkungan | Lasêm wus anungkul | măncanagari brang wetan | wus kakêlun sadaya sami kawingwrin | dhumatêng Trunajaya ||
44.046 jêng pangeran anggraitèng galih | Trunajaya ngêntasana karya | kayapriye wêkasane | awak ingsun kalamun | undurana angêlingsêmi | pasthi ingsun amerang | marang sang aprabu | yèn mundura anèng karya | yèn ta durung ana kaananing jurit | mandah ucaping jana ||
44.047 ing ayuda arsa sun têmêni | wong Madura ya Si Trunajaya | polahe aku kang akèn | èmênge manah ingsun | wantuning wong awulang jurit | yèn wus têmpuhing watang | merang lamun mundur | yaktine along kang pêjah | wong Mataram akarsa ingsun wangsiti | pasthine ingsun merang ||
192–193 dari 257