Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
44–45 dari 55
194–195 dari 257
1.936–1.945 dari 2.562
44.056 Trunajaya akarsa pribadi | wantu wong ngêmut lêgining gula | kamanisên arsa dhewe | apan ta datan emut | lamun wontên ingkang ngajani | Prabu Anom Mataram | tan kemutan wau | angrasa sampun kawawa | Trunajaya dening sampun angsal kanthi | iya Raja Makasar ||
44.057 apan sampun amiyarsa warti | yèn Adipati Anom Mataram | ingkang anindaki dhewe | kalawan kamisêpuh | sira Pangran Purubayèki | lan Pangeran Balitar | Pangran Singasantun | angrêrig[1] bala Mataram | atanapi pasisir măncanagari | ngalumpuk nèng Japara ||
44.058 apan ta sampun bubar kang baris | saking Japara sawadyabala | pangeran dipati anèm | ingkang nindhihi laku | Trunajaya sampun acawis | lawan tiyang Makasar | sumêdya amêthuk | wong Sampang samya siyaga | mêpêk baris sèlèhe[2] anggêgilani | miwah ta wong Makasar ||
44.059 apan sêdya angantêp ing jurit | pan yudane wau wong Mataram | lir singa ludra polahe | warnanên kang lumaku | Adipati Anom Matawis | kang dadi senapatya | samana wus rawuh | ing masa artatan-tatan[3] | ingkang baris saksana ngangsêg ing jurit | ing gone don sinêdya ||
44.060 tiyang Madura amapag jurit | lan wong Makasar kadi [[288] 368: ka...di] hèrnawa | apan ta sami purune | sami arêbut dhucung | kaya age panggiha jurit | ing gêgodog wus prapta | pan dulu-dinulu | wong Sampang lan wong Mataram | pan sadaya tan ana angucap ajrih | suraking wêwingkingan ||
45. Pangkur
45.001 mangsah sikêping Madura | yèn sinawang kadi banthèng katawin | angajrihi tandangipun | pan kadi singa lodra | rêbat măngsa sadaya pan sami purun | an samya onclang watang |[4] Makasar pan onclang lêmbing ||
45.002 prajurite wong Madura | Mangkuyuda têguh prakuswa wani | dening wau sisihipun | aran Dhandhangwacana | anadene ing wau ta sisihipun | kang têngên Ki Wăngsaprana | sami prakuswa ing jurit ||
45.003 iku têtindhihing rana | dyan umangsah kadi banthèng akanin | tiyang Makasar akêmbul | kadya ta singa lodra | ing ayuda puniki têtindhihipun | awasta Dhaèng Marewa | kalawan Dhaèng Makincing ||
45.004 misih sikêping ayuda | muni bêdhil dadi cucuking jurit | swarane lir gunung rubuh | mimis tiba lir udan | pêtêng dhêdhêt ing ayuda kadi dalu | dening kukusing sundawa | awor suraking jalmi |[5]|
45.005 pan nora kuwatir pêjah | wadya Sampang mirsa swaraning bêdhil | sumêdya asoroh amuk | binendrong ing sanjata | wadya Sampang pinuntir babrêngosipun | pêdhange nulya ingikal | sarwi ngagêm tamèng bali ||
194–195 dari 257

 


angêrig. (kembali)
solahe. (kembali)
atatan-tatan. (kembali)
Kurang satu suku kata: apan samya onclang watang. (kembali)
Kurang satu suku kata: awor suraking kang jalmi. (kembali)