Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
45 dari 55
196 dari 257
1.951–1.960 dari 2.562
45.011 Tumênggung Rajamanggala | Arya Pamot sarêng mangsah ing jurit | Pangran Balitar tan kantun | sarêng ngantêp ing yuda | wong Makasar sadaya sarêng umagut | Raja Galengsong priyăngga | pan nindhihi ing ajurit ||
45.012 wau Radèn Trunajaya | tiyang Sampang wau kang dèn tindhihi | mila ing ayuda kukuh | wus karsaning Pangeran [[290] 370] | wong Madura pasthi lanang juritipun | pilih boboting ayuda | tan ana angucap ajrih ||
45.013 wadyabala ing Mataram | kathah pêjah manahipun awingwrin | ingkang tinarajang mawut | nora măngga puliha | prajurite apan akathah kasambut | Ki Ngabèi Wirajaya | apan sampun nandhang kanin ||
45.014 pra santana kathah pêjah | ki ngabèi branan angrawuhi |[1] samana tiba alungguh | ludiranya drês muncar | pan aniba Wirajaya datan emut | pan rinêbut kang santana | saundure angêmasi ||
45.015 prajurite awuyungan | Wirabumi sampun anandhang kanin | anèng rana pan kasambut | kundur wus binandhusa | Kyai Răngga Sadayu apan kasambut | ing rana sampun palastra | wingwrin wadya ing Matawis ||
45.016 kang dados lajêring yuda | jêng pangeran tinilar wadya alit | prajurite kwèh kasambut | nora năngga[2] puliha | Jêng Pangeran Purbaya ling jroning kalbu | baya karsaning Pangeran | apês wadya ing Matawis ||
45.017 sabalining sun ayuda | apan iya nora kaya saiki | prajurit Mataram gêmpur | singa maju kabranan | wong Mataram samya kêkês manahipun | dhingin kang padha prawira | saiki lir wadya èstri ||
45.018 kapriye sun undurana | wong Mataram tan ana kaya mami | sinêmbah sinêpuh-sêpuh | mring putra lan santana | ana wrate ingsun mundura ing kewuh | tan baya angur matia | anèng [[291] 371: a...nèng] têngahing ajurit ||
45.019 yèn nyata rusak Mataram | panêdhaku ingsun aja mênangi | wong Mataram sirna larut | wong Sampang lan Makasar | ywa Pangeran Purbaya ingkang tinêmpuh | sawadyane anèng rana | tan gumingsir anadhahi ||
45.020 sira Pangeran Purbaya | pangamuke lir banthèng tawan kanin | apan wus kapanggih sêpuh | mandah bala taruna | wong Madura sing katrajang mawut-mawut | angamuk karo curiga | dhuwunge aran Ki Panji ||
196 dari 257

 


Kurang satu suku kata: ki ngabèi kabranan angrawuhi. (kembali)
măngga. (kembali)