Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
45 dari 55
196–197 dari 257
1.956–1.965 dari 2.562
45.016 kang dados lajêring yuda | jêng pangeran tinilar wadya alit | prajurite kwèh kasambut | nora năngga[1] puliha | Jêng Pangeran Purbaya ling jroning kalbu | baya karsaning Pangeran | apês wadya ing Matawis ||
45.017 sabalining sun ayuda | apan iya nora kaya saiki | prajurit Mataram gêmpur | singa maju kabranan | wong Mataram samya kêkês manahipun | dhingin kang padha prawira | saiki lir wadya èstri ||
45.018 kapriye sun undurana | wong Mataram tan ana kaya mami | sinêmbah sinêpuh-sêpuh | mring putra lan santana | ana wrate ingsun mundura ing kewuh | tan baya angur matia | anèng [[291] 371: a...nèng] têngahing ajurit ||
45.019 yèn nyata rusak Mataram | panêdhaku ingsun aja mênangi | wong Mataram sirna larut | wong Sampang lan Makasar | ywa Pangeran Purbaya ingkang tinêmpuh | sawadyane anèng rana | tan gumingsir anadhahi ||
45.020 sira Pangeran Purbaya | pangamuke lir banthèng tawan kanin | apan wus kapanggih sêpuh | mandah bala taruna | wong Madura sing katrajang mawut-mawut | angamuk karo curiga | dhuwunge aran Ki Panji ||
45.021 wantune kathêhên[2] lawan | jêng pangeran kudane sampun mati | anumpêr pangamukipun | apan maksih adharat | wong Makasar lan wong Sampang angrêrubut | jêng pangeran kinathahan | winatang lawan linêmbing ||
45.022 nadyan si otota kawat | akulita têmbaga balung wêsi | tiyang satunggil arêmuk | kinarêbut ing kathah | ywa pangeran sakalangkung timbulipun | datan pasah dening braja | kinarubut dening jurit ||
45.023 ing jro salira wus rêmak | ywa Pangeran Purbaya tiba linggih | watak wong agung wus sêpuh | Dyan Pangeran Balitar | pan uninga lamun kang raka kasambut | ing rana gêpah rinêbat | wong Sampang ingamuk wani ||
45.024 sira Pangeran Purbaya | wus karêbat binakta mundur aglis | nanging pangeran tan emut | ingkang salira rêmak | wong Mataram anèng payudan wus rêmuk | wau Pangeran Purbaya | wus kasambut ing ajurit ||
45.025 lir pendah dhawuhan bêdhah | pêdhot lajêripun kari angisis | dening lajêre [[292] 372: lajêr...e] wus rubuh | milane asasaran | dyan pangeran dipati kalulun kondur | lan Pangeran Singasêkar | de wadya tan kêna pulih ||
196–197 dari 257

 


măngga. (kembali)
kathahên. (kembali)