Tembang macapat

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), 1860, #578

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
45 dari 55
197–198 dari 257
1.962–1.971 dari 2.562
45.022 nadyan si otota kawat | akulita têmbaga balung wêsi | tiyang satunggil arêmuk | kinarêbut ing kathah | ywa pangeran sakalangkung timbulipun | datan pasah dening braja | kinarubut dening jurit ||
45.023 ing jro salira wus rêmak | ywa Pangeran Purbaya tiba linggih | watak wong agung wus sêpuh | Dyan Pangeran Balitar | pan uninga lamun kang raka kasambut | ing rana gêpah rinêbat | wong Sampang ingamuk wani ||
45.024 sira Pangeran Purbaya | wus karêbat binakta mundur aglis | nanging pangeran tan emut | ingkang salira rêmak | wong Mataram anèng payudan wus rêmuk | wau Pangeran Purbaya | wus kasambut ing ajurit ||
45.025 lir pendah dhawuhan bêdhah | pêdhot lajêripun kari angisis | dening lajêre [[292] 372: lajêr...e] wus rubuh | milane asasaran | dyan pangeran dipati kalulun kondur | lan Pangeran Singasêkar | de wadya tan kêna pulih ||
45.026 sira pangeran dipatya | manahira alit dhatêng awingwrin | dening kang eyang kasambut | ya ta apamondhokan | arêrangkah sami prayitnèng ing kewuh | Pangran Purbaya wus seda | lir gêrah swaraning tangis ||
45.027 apan sampun binandhusa | jêng pangran binêkta mantuk Mêtawis | duk seda sinêngkalan trus | mamuka pinrang janma |[1] sinusulan sangkala kala ing Dêmung | naga singa pranging jagad |[2] ri sampuning mangkanèki ||
45.028 wusing mantuk kang bandhusa | kawarnaa wau ta ingkang kari | sakèhe wadya Matarum | akêkês manahira | dening ngandêl ing kewuh sampun kasambut | para prajurit satriya | manahe kadya pawèstri ||
45.029 miwah kang para santana | para putra manahira awingwrin | sampun karsaning Hyang Agung | apês wadya Mataram | yèn wus takdir tan kêna owah sarambut | duk sedanira pangeran | ing taun Dal lawan nênggih ||
45.030 wong Mataram sami susah | datan bêtah sabên ari tan bukti | pinarak ing gêring agung | sangêt bagêblugira[3] | pan sadaya wong Mataram risakipun | prasamya apalorodan | apan sami minggat mulih ||
45.031 Pangran Dipati Mataram | pan kalulun sampun kondur tumuli | lan Pangeran Singasatun | miwah Pangran Balitar | lampahira samana apas alaju | sêdya mantuk mring Mataram | kèndêl Japara sawêngi ||
197–198 dari 257

 


Tanggal: trus mamuka pinrang janma (AJ 1599). Tahun AJ 1599 jatuh antara tanggal Masehi: 16 Maret 1676 sampai dengan 5 Maret 1677. (kembali)
Tanggal: naga singa [sanga] pranging jagad (AJ 1598). Tahun AJ 1598 jatuh antara tanggal Masehi: 28 Maret 1675 sampai dengan 15 Maret 1676. Tampaknya kata "singa" dalam sangkala ini salah. Bandingkan: BTJ van Dorp (Jilid 3 hlm. 147): naga sanga prang jagad (AJ 1598). (kembali)
gagêblugira. (kembali)